Tuesday, November 22, 2011

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 6

Boy, Angga, Soni, Kosim, Prita, Anya, karo arek-arek Hima liyane awan iki panaspanasan
mulai isuk mau nang embong prapatan Karang Menjangan. Ambek nggawe jas
almamater kabeh mbagekno kotak amal gawe korban bencana Merapi karo Mentawai.
“Ayo, silakan yang mau membantu para korban di Merapi dan Mentawai,” jare arek-arek
mahasiswa iku nggawe megaphone.
“Silakan, silakan untuk saudara-saudara kita yang menderita.”
“Asline masio Kosim iku yo menderita loh, rek… deloken tah raine melas ngono,” jarene
Boy.
Onok ibuk-ibuk sing numpak becak langsung nglebokno duwik nang kotak amal.
“Trimakasih ibuk, semoga bisa membantu mereka yang di pengungsian ya.”
“Iya, kasihan sekali korban bencana itu, ya… pasti yang di bawah pohon itu korban awan
panas ya… aduh, saknone, rek sampek raine rusak gak isok didelok ngono,” jare ibuk
mau ambek nduding Kosim.
Arek-arek ngempet ngguyu ndelok Kosim sing diarani korban bencana iku…
Moro-moro onok wong wedok teko ate nyumbang.
“Mbak Anya, saya mau nyumbang pakaian saya untuk korban bencana.”
“Oh, boleh aja, Mbak Pat… mana pakaiannya? Sudah dipak di kerdus, kan?” takok
Anya.
“Lha ini,” jare Mbak Pat ambek mbukak klambine.
“Lho, lho, mbak… jangan dibuka disini,” jare Prita. Tapi Mbak Pat sik mekso pingin
nyumbangno klambine.
“Heh, lapo ae se? onok-onok ae acarane, ayo gak oleh mudo!” Boy ngamuk-ngamuk
nang Mbak Pat.
“Babahno…. Aku lo ate nyumbang klambiku gawe korban bencana, ojok dipenggaaaak!”
jare Mbak Pat ambek nguculi klambine, garek kutangan thok kampul-kampul nang
pinggir embong. Kontan ae, prapatan langsut macet, dipikir onok wong gendeng
ngamuk.
Boy langsung nyaut klambine Mbak Pat sing dideleh nang kotak amal, “Cuk, klambi
koyok taek ae athik disumbangno… buwak ae nang got,“ jare Boy ambek nguncalno
klambi iku nang got.
“He, asu, gak menghargai sumbangan orang lain,” jare Mbak Pat ambek nguber Boy.
“Wong gendeng… wong gendeng… wong gendeng… jare arek-arek SDN Airlangga sing
mulih sekolah.
“Mbak Pat terus mandeg, saiki ganti nguber arek sekolah mau, “He jancuk, sik cilik wani
ngelokno wong tuwo… asu kabeh ancene, gak tau dididik gurune ta…”
Arek- arek sekolah iku langsung mlayu sipat kuping diuber Mbak Pat sing cumak
kutangan thok mlebu kampung. Wak kaji sing sik tas mulih tekok langgar cumak ngelus
dhodho ndelok Mbak Pat sing beha-an thok, “Audzubillahi minas syaithoonnir rojiim…”
“Lapo ndungo, wak kaji… sampean anggep aku iki setan ta?” Mbak Pat ngamukngamuk.
“Heran aku, enom, tuwek, arek cilik sampek sakgerangane kabeh kok sirik
temen karo aku. Gak tau ndelok wong ayu, ta?” jare Mbak Pat karo mbenakno tali
kutange sing mlintir, penitine njepat.
Sik tas mari huru hara iku, durung suwi, moro-moro…
“Brakkk!!!”
“Eh, onok tabrakan!!!”
“Aduh, aduh, sikilku….” Kosim moro-moro lungguh nang tengah embong karo nggoceki
sikile. Kosim ketabrak!!! Arek-arek langsung menghentikan segala kegiatan, mlayu
marani Kosim.
“Aduh, sori-sori,” jare wong lanang numpak Megapro sing nabrak Kosim.
“He, cak… ati-ati po’o nek numpak sepeda iku. Dalane bibikmu ta?” sentak Boy.
“Sepurane, Mas…. Iki mau lampune setopan sik ijo, dadi sepedaku gak tak rem…
kathikan aku gak eruh onok koncomu nggowo kotak amal nang kono, ireng temen, gak
koyok menungso, koyok anim.” Jare wong sing nabrak mau.
“Koen pisan Sim, wis dikongkon lungguh thok ae nang ngisor wit, malah njaluk-njaluk
sumbangan…koen loh buta warna, gak eruh wernone lampu setopan ijo ta biru,” jarene
Boy.
“Aku kan yo ingin membantu korban bencana, Boy… menjadi mahasiswa yang berguna
bagi bangsa dan negara,” jare Kosim.
“Berguna gathel, ta? Ngene iki, tambah ngerepoti wong akeh.”
Arek-arek diewangi tukang becak langsung nggotong Kosim dideleh nang pinggir
embong.
“Oalah saknone, rek… sampek sikile ajur ngene,” jare tukang becak sing ngewangi
ngangkat.
“Iku raine lik…duduk sikile, raino gak opo-opo, sikile sing sempal,” jare Soni.
“Lho, iki ndhase ta? Lah sikil karo raine podho ajure,” jare tukang becak sing untune
mrongos.
“Aduh…aduh….sikilku,” sambat Kosim.
“Wis, talah, ojok cerak-cerok ae, gak usah mikirno sikilmu, sik onok loro kok..”
Embong malih dadi rame, tambah macet. Untung onok polisi teko nangani kedadian iku.
Wong sing nabrak diceluk. Arek-arek marani polisi iku pisan.
“Lho Prita, kamu ngapain di sini? Kamu temannya mahasiswa ini?” takok polisi
iku…tibake polisi iku Bimo, pacare Prita sing lagi patroli karo koncone polisi siji maneh.
“Iya, Mas, kita lagi ngadain bakti sosial ngumpulin dana untuk disumbangkan ke korban
Merapi, Mas…” jare Prita.
“Ehm…gitu ya…”
Moro-moro Bimo ndelok Boy. Boy yo ndelok pisan
“Eh, ternyata kamu lagi ya… Prita, aku kan sudah pernah bilang ke kamu, jangan dekati
orang ini lagi!” jare Bimo.
“Mas, ini kan acara kampus, gak ada hubungannya sama Boy sama sekali,” jare Prita.
“Gak ada hubungannya? Ngapain kamu panas-panas di jalanan kayak gini hah? Apa gak
lebih baik kuliah, atau belajar di perpus, atau istirahat di kos. Ini malah bela-belain ikutan
cowok brengsek ini!” Bimo rodok emosi.
“ Heh, Mas… kalo ngomong sama cewek sopan dikit kenapa? Gak tahu urusannya
juga…malah marah-marah!” jare Boy.
“Hey, kamu jangan ikut campur urusan saya sama Prita, ya. Gak tau malu, nggangguin
orang sudah tunangan, kayak cowok gak laku aja…”
“Mas Bimo, sudah Mas… malu, dilihat banyak orang,” Prita nggandeng lengene Bimo.
“Urat kemaluannya sudah putus kali, Prit,” saut Boy.
Bimo langsung muntap, terus marani Boy. Krah kalmbine Boy dicengkiwing,
“Ngomong apa kamu?” terus langsung dipongor cangkeme Boy.
“Aaah…” Prita njerit.
Boy tibo lungguh ambek nyekeli lambene, de’e trus ngadeg ate mbales, tangane wis
nggegem, motone abang, kringete wis sakjagung-jagung. Tapi tangane digoceki Angga
karo Soni.
“Boy, wis, Boy, sabar Boy…” jare Angga ambek terus nggondeli Boy.
“Cuk! Aku lo gak wedi karo raimu! Bangsat! Culno aku, Ngga…culno,
cuk…Asu…dipikir aku wedi ngono ta karo koen masio koen pulisi?”
Boy bengok-bengok karo ngobat-ngggobet kepingin ucul tekok kempitane Angga karo
Soni.
“Mas Bimo, cukup, Mas…. Mas bener-bener keterlaluan!” Prita nangis
“Aha… kamu nangis untuk dia Prita? So sweet…Gak salah ini?” Bimo ngamuk-ngamuk.
“Mas, pokoknya aku minta, Mas Bimo salaman minta maaf sama Boy sekarang. Dia itu
gak salah apa-apa Mas,” Prita campur nangis ngomonge.
“Bela aja terus dia, kamu suka sama dia kan?”
“Ya Allah…aku sama Boy gak ada hubungan apa-apa Massss…. “ Prita mulai emosi
setengah mbengok.
“Mas Bimo keterlaluan…mau dibilangin seribu kali juga gak bakal percaya…Boy…
maafin Mas Bimo ya?” Prita marani Boy.
“Prita, jaga omongan kamu! Ngapain minta maaf ke dia?”
“Terserah, pokoknya kalo Mas Bimo gak minta maaf sama Boy, kita putus!” Prita wis out
of control.
“Prita…!”
“Aduh Mbak Prita, jangan ngomong yang nggak-nggak,” jare Mbak Pat, “nanti ada setan
liwat…” (asline setane loh yo de’e dhewe)
“Mas Bimo…tolong yang sabar ya, memang si Boy itu orangnya kayak gitu, kayak asu,
suka mengambil kesempatan dalam kesempitan. Senengane ngrusak rumah tangga liyan,
ngrusak pager ayu. Kalian berdua yang sabar ya,” jare Mbak Pat ambek ngelus-elus
dhodhone Bimo, padahal loh, de’e kutangan thok, kampul-kampul gak duwe isin.
Dhodhone dipepet-pepetno nang Bimo, nggarai sing ndelok kudu mutah.
Prita moro-moro langsung mlayu nyegat taksi, trus numpak…
“Pritaaa!!!” Mas Bimo mbengoki…terus nguber taksi iku.
Mbak Pat liwat nang ngarepe Boy karo senyum kemenangan, “Mangkane tah, ilingo,
Tuhan itu adil. Masio aku gak isok mbales koen, tapi dibalesno karo Mas
Bimo….hehehe, bosok congormu!” jare Mbak Pat ambek megal megol nang ngarepe
Boy.
Boy sing wis kadung muntap gak isok ngantem Bimo, langsung njejek bokonge Mbak
Pat tekok mburi sampek Mbak Pat nyungsep kejegur got ngarepe rumah sakit…byur!!!
“Jancuuukkkk…. Asuuuu….” bengok Mbak Pat tekok njero got, ambune bosok, lha
wong banyu peceren, soale banyune gak mili. Wong-wong yo gak onok sing gelem
ngewangi saking bosoke ambune. Arek-arek cilik SDN Airlangga langsung bengokbengok,
“wong gendeng kejegur got, wong gendeng kejegur got, wong gendeng kejegur
got,” jare arek-arek iku ambek nyawati krikil nang banyune got.
“Aduh…aduh….sikilku….onok opo sih rek, kok rame temen, sampek semaput ae aku sik
gak tenang, brebeken,” moro-moro krungu suarane Kosim.
“Oalah, saknone, rek, sampek sing kecelakaan gak kecandak,” jare Soni ambek nggeret
Kosim.
Kosim digotong nang UGD sing ketepakan yo gak adoh tekok setopan.
“He, aku tulungono cuk… aku gak isok munggah iki lo!” jare Mbak Pat tekok ngisor got,
berusaha metu tekok got sing jerune sekita sakmeter setengah iku.
Gak onok sing nulungi. Malah onok wong dodol bakso mbuwak banyu korahane nang
got iku.
“He, jancuk, picek tah matamu mbuwak sampah sembarangan. Gak eruh onok uwong
ta?” bengok Mbak Pat ambek ngusapi raine sing jibrat gobis karo emi sisa bakso.
“Sori bulik, lah sampean lapo awan-awan bluron nang got,” jare bakul bakso mau.
“Bluron matamu yo…. Toloooong……. Toloooong….”
***
Wis onok limang dino iki sejak kedadian iku, Prita gak tau ketok nang kampus. Nang
kosane yo gak onok.
“Prita nang endi Nya, kok gak tau ketok?” Boy takok nang Anya. Warunge Mbak Pat sik
sepi, cumak onok Boy karo Anya thok, karo asu siji, Patimah… alias Mbak Pat.
“Telpunen loh,” jare Anya.
“Emoh…engkok dipikir ngrusak rumah tanggane uwong,” jare Boy.
“Halah…taek, Boy… De’e lagi nang Bandung saiki, mulih nang mamane,” jelas Anya.
“Lapo?”
“Dirabekno….Yo curhat masalahe wingi iku Boy!… Jarene de’e, mamane sih terserah
de’e nek atene reses hubungane karo Mas Bimo. Wong asline hubungane arek loro iku yo
cumak dijodohno kok, Boy. Pertamane Prita yo biasa ae karo Mas Bimo, tapi suwi-suwi
yo seneng, polahe wis kebiasaan be’e,” jare Anya.
“Trus, asline Prita iku seneng aku, gak Nya?” takok Boy.
“Heh? Pertanyaanmu iku loh…. “
“Opo’o? lumrah kan? Aku loh ngganteng, arek wedok pesti seneng,” (asu siji iki wis
kumat mekitike… rumongso mahasiswa paling ngganteng)
“Saiki koen taktakoki disik. Koen seneng temenan tah gak karo Prita. Aku emoh nek arek
iku mok gawe dulinan Boy, sakno. Koen loh terkenal playboy cap kaki tiga…”
“Lhe, lapo tambah mbalik pertanyaan nang aku?. Saiki masalahe de’e iku seneng aku tah
gak. Tapi nek saksirku sih, de’e ketokane seneng karo aku yo Nya? Aku lak kembarane
Christian Sugiono? “ kirik iku nyerocos ae cangkeme.
“Chris John kaleee?”
“Halah, asline koen ate ngakoni nek aku keren yo isin ae…ups, ojok cidhek-cidhek, koen
engkok isok jatuh cinta karo aku loh?” jare Boy ambek rodhok mundur.
“Hahaha… aku loh wis ngerti kartumu Boy… ambekan, sopo sing gelem pacaran karo
wong gendeng koyok raimu,” jare Anya ambek nyundul bathuke Boy.
“Eits, ojok salah yo… iki Boy, cak… si Boyo.”
Tangane Boy kiwo tengen nyekel pundhake Anya kiwo tengen pisan. “Lihatlah saya,
tataplah mata saya dengan dalam, dan kau akan jatuh dalam pelukan saya…” jarene
koyok Limbard, eh Deddy Corbuzer.
“Halah, wong gendeng, sopo ate gelem,” jare Anya karo ngipatno tangane Boy ambek
ngguyu cekakakan. Arek loro iku mau gak sadar nek onok Mbak Pat sing ndelik nang
ngisore mejo kompor ambek nggowo hape sing onok kamerane…
“Hm…deloken koen yo, wis takfoto kabeh kelakuanmu, su asu,” batin Mbak Pat.
“Wis, Boy, ayo koen melok gak, aku ate mapak Prita nang Stasiun Gubeng. Sepur tekok
Bandung diluk engkas nyampe,” ajak Anya.
“Lho, saiki Prita teko ta? Iyo aku melok,” saut Boy. Gak ngurus masio engkok Bimo
mapak pisan. Gembyeng yo gembyeng. Ketepakan, soale biyen durung isok mbales
nyongor cangkeme pisan.
Arek loro iku mlaku nang parkiran, ate nang Stasiun Gubeng mapak Prita. Gak suwe
Angga karo Soni teko nang warunge Mbak Pat.
“Mbak arek loro mau ate nang ndi, kok kesusu?” takok Angga.
“Ate check-in nang hotel paling” jare Mbak Pat.
“Check-in yo opo se? kok gak ngejak aku,” Soni protes. Sempak sitok iku nek krungu
sing rodok mesu-mesum ngono langsung antusias.
“Wis talah, Mas Angga, takkandani yo…timbangane sampean terus ngejar-ngejar Mbak
Anya, karuan pacaran karo aku ae yo’opo? Aku loh perempuan setia,” jare Mbak Pat
ambek gandolan nang pundake Angga koyok bedhes bonbin wonokromo.
“Maksudnya opo sih, Mbak Pat iki?”Angga risih.
“Oke… kembali ke pokok permasalahan, Mbak Pat ngadeg dan merapikan kutangnya.
Saya sudah seringkali mengatakan bahwa Boy itu cowok gak bener, suka ganggu cewek
orang. Saya bicara fakta, bukan gosip belaka. Nih lihat,” jare Mbak Pat ambek nduduhno
gambar nang hapene.
Angga karo Soni ndeloki foto nang hape iku.
“Nek cumak konco, lapo Boy ngrangkul Anya?” Mbak Pat memulai aksine karo nyumet
rokok nang lambene. Persis balon nang nJarak.
“Endi ngrangkul iku? Wong cumak nyekeli pundhake ngono loh?” jare Soni.
“Iku pertamane, goblok… pas adegan rangkulan aku gak sempat mengabadikan… hatiku
tak kuat rasanya untuk memotret penghianatan ini,” jare Mbak Pat karo macak nangis.
Raine tambah elek…
“Ini lagi, nek gak onok opo-opo, lapo Mbak Anya ngelus-elus rambute Boy,” jare Mbak
Pat karo mlayu ngrangkul Angga, ambek nangis sing digawe-gawe… wis talah, pokoke
aktinge Miska nang Cinta Fitri, lewat!!
Angga jenenge arek sik polos, ndelok iku, langsung muntap. Areke meneng ae, raine
mbrabak abang. Atine wis kobong. Opomaneh kenek hasutan Mak Lampir dari Gunung
Kembar iku. Ancene Mbak Pat iku asu kok. Cocok nek kongkon adu-adu. Cangkeme
ancen tumbak cucukan, bakate ancen nyebar gosip. Kongkon melok IMB ae, engkok pas
ditakok’i bakatnya apa, Mbak?
“Menyebarkan gosip, Mbak Sarah… satu jam gosip saya sebarkan, satu kampus pasti tau
semua….”
”Good job…I like it…” jare Rianti….
***
Onok sekitar sak jam Boy karo Anya ngenteni Prita nang Stasiun Gubeng. Sepure durung
teko-teko.
“Pak kereta dari Bandung sudah datang belum?” takok Anya.
“Wah , maaf, telat, Mbak…” jare petugas stasiun.
“Telat berapa bulan?” takok Boy.
Wonge bingung gak njawab.
“Makanya, minum pil KB biar gak telat, biar lancar. Tapi kalo sudah terlanjur jangan
diaborsi, dosa…” asu iku senengane nggarai uwong thok ancene.
Moro-moro onok arek-arek tanggung, sik SMP be’e gemrudug marani Boy karo Anya.
“Lik, njaluk duwike lik… gawe tuku es, lik…Ngelak lik…” jarene arek-arek mau.
Tibakno bonek-bonek sing mari nggandhol sepur.
“Lik mattamu yo? Ate nontok Persebaya ta? Main karo endi sore iki?” takok Boy.
“Main karo… embuh, Mas… pokoke sing penting nontok,” jare sing nggawe kaos onok
tulisane “Bonek Seleraku”….(koyok mi instan ae…)
“Main karo Liverpool lik…” jare sing nggawe scarf ijo.
“Liverpool mattamu yo,” sentak Boy.
“Oh, gak se…main karo Barcelona,” jare koncone saknjeplake cangkeme.
“Lik, njaluk duwike po’o…Raine nggantheng, pacare ayu, gak nggowo duwik, mlarat
cuk…watu…” jare asu-asu iku.
“He, cuk, asu… yo koen iku, nek ate nontok bal-balan yo sangu duwik, goblok!” sentak
Boy.
“Sangu, cak…iki loh limangewu,” jare sing raine gak isok didelok saking eleke ambek
nduduhno duwike.
“He…regone tiket ae limolasewu, lha durung njajane, trus bemone?”
“Nek numpak bemo yo duduk bonek Mas… bonek kok numpak bemo…gak kelas….
Bonek yo nggandhol cak…”
“Wis, talah, Boy… gak wurung koen biyen pas cilik yo koyok ngono. Wis, iki onok
sepuluh ewu, didum yo, gawe tuku es,” jare Anya.
“Suwun mbak… wis ayu, atine apik… gak koyok situke, ngganteng tapi duwik gak
nyekel…pait…!!!” jare bonek-bonek iku karo mlayu.
“Asuu !!! Minggat koen!” jare Boy karo nyawat botol aqua nang bonek-bonek iku.
“Anyaaaaaa…”
Moro–moro Prita mlayu ngrangkul Anya.
“Pritaaa….lho kok aku gak tau kamu sudah datang? Jare Anya ambek langsung cium pipi
kanan kiri.
“Halo, Prita…” Boy marani.
“Eh, ada Boy.” Prita nyalami Boy.
“Kok gak pake cium pipi?” jare Boy karo ngelus-elus pipine dhewe.
“Bukan muhrim!” jare Anya.
“Eh, bentar aku ke toilet dulu ya,” jare Anya, “kalian tunggu di cafeteria aja…”
“Sini takbawain.” Boy nggledhek kopere Prita, diseret nang cafeteria. Terus nggolek
lungguh nang cidhek taman.
“Capek, Prit?”
“Sedikit..”
“Gimana? Sudah puas kangennya? Mama kamu baik-baik aja kan?”
“Iya Boy… aku sudah puas bisa curhat ke mama. Rasanya beban berat itu sudah agak
ringan sekarang,” jare Prita.
“Beban berat yang mana?” jare Boy ambek ndeloki dhodhone Prita sing menthek iku.
Asu ancene arek iku, nek dijak omong malah pikirane mblakrak sing nggak-nggak.
“Kelihatannya memang berat?” batine Boy.
“Ya, masalah Mas Bimo itu loh Boy.”
“Oh, Mas Bimomu juga suka yang berat-berat ya, sama kayak aku…” jare Boy tambah
ngelantur…
“Kamu nih, diajak ngomong kok gak nyambung sih Boy. Pasti kamu lagi laper ya. Sini,
biar aku pesen makanan dulu… Mbak!!! bisa pesen makanan? Kamu pesen apa Boy?”
“Susu…” jare asu iku. Motone gak kethip.
“Memangnya gak makan? Minum aja?” takok Prita.
“Iya…susu besar,” jare Boy karo mbenakno resleting celonone.
“Susu besar? Maksudnya susu gelas besar? Pake es nggak?”
“Pake dong…kalo gak pake nanti jadi u-u…”
“Sialan, bisa aja kamu nih Boy…”
Macem-macem sepur riwa-riwi liwat Stasiun Gubeng iki. Rame pancen, Suroboyo kan
jalur utama sepur teko Jakarta, Bandung, Jogja, sampe Banyuwangi. Masio sering anjlog,
sering tabrakan, kecelakaan, tapi yo tetep ae pengguna kereta api gak tau kalong.
“Jadi sebenarnya aku tuh dijodohin ortu kita sama Mas Bimo. Bokapnya Mas Bimo tuh
sama kerjanya sama papaku, di IPTN Bandung, dulu. Sekarang mah sudah tutup. Nah ,
dulu awalnya aku gak mau, tapi karena udah jadi kebiasaan yah, akhirnya aku suka juga
sama dia,” jare Prita ambek ngudek jus jeruk. “Mama sudah tau sih, kalo Mas Bimo
orangnya super posessif, jadi waktu kejadian kemaren aku ceritain, Mama cuma minta
aku bersabar aja…” jelas Prita.
“Trus, kalian putus?” Boy takok koyok wong goblok gak duwe duso ngono iku…
“Ehm…ya…enggak sih, ehm….maksudnya gini, Mama sudah setuju kalo aku nggak
berhubungan lagi sama Mas Bimo, untuk sementara waktu. Aku sudah nggak mau
ketemuan atau telpon atau sms. Pokoknya aku sudah males lah… Kalo pertunangan kami,
ya gak taulah terserah nanti. Aku masih pingin tahu banyak hal Boy… pingin nyoba
banyak hal baru. Lagian, kalo emang jodoh pasti lah nanti aku balik ke Mas Bimo, kalo
bukan jodoh ya… nikmati saja masa muda kita. Hidup ini terlalu indah untuk disiasiakan,
kan?”
“Jadi hubungan kamu ini sekarang lagi nggantung, nih critanya?” Boy golek penjelasan.
“Yeah, we’ll see…” Prita njawab santai.
“Kalo hubungan kita?” takok Boy.
Prita sing lagi ngombe langsung keselek… terus meneng ae ambek njupuk tisu ngelapi
lambene.
“Gak tau Boy… biar waktu yang menjawabnya…aku berharap kita bisa lebih dekat sih,
meskipun sedikiiit aja… kamu cowok yang baik kan Boy,” Prita ndingkluk gak wani
ndelok raine Boy. Tangane ditemplekno tangane Boy sing lagi nyekel gelas.
(Boy iku ancene goblok, kok… timbangane meneng ae, lak karuan cekelen tangane Prita,
terus langsung ngomong, Prita aku seneng koen. Wis, gak usah ngurus Mas Bimo, atase
koen yo gak cinta de’e masio wis dijodohno. Koen kan senenge karo aku. Ngono lak wis
beres ta? Tambah meneng ae cangkeme…)
Moro-moro Anya teko ambek merengut… “Boy, Angga iki opo’o sih? Kok ditelpon gak
gelem ngomong, trus ditelponi bolak balik gak diangkat, malah saiki hapene dipateni. Iki
opo’o arek iki?” Anya bingung karepe dewe. Oalah…tambah mbulet…
Grup pengamen jalanan sing biasane nyanyi nang stasiun langsung marani, nyanyi nang
mejone arek telu iku…
“Mau dibawa kemana hubungan kita…
Jika kau terus menunda-nunda…
Dan tak pernah nyatakan cinta…
Mau dibawa kemana hubungan kita…
Ku tak akan terus jalani…
Tanpa ada ikatan pasti antara kau dan aku…”

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 5

MINGGAT – MINGGAT – MINGGAT(lanjutan)

Wis telung dino sejak kedadian wingi iku Angga gak tau ketok nang kampus. Hapene yo gak isok dihubungi. Arek-arek yo gak onok sing eruh.
“Koen gak eruh ta Boy? Takok Sony.
“Embuh, Son…de’e gak pamit…koen gak dipamiti Nya? Takok Boy nang Anya.
“Gak iku Boy, hapene yo mati terus, jare Anya.
“Iyo Mbak Anya, hapene mati terus biasane lo Mas Angga sms aku, takok sudah makan belum? Kalo tidur jangan malam-malam,” jare Mbak Pat
“Taek, iyo,ta?” takok Boy gak percoyo.
“Jancuk, lapo aku mbujuki…iki lho sms-e nek koen gak percoyo,” jare Mbak Pat ambek nduduhno hapene.
“Iyo-e…aku gak nyongko nek Angga onok hubungan khusus karo sundel bolong iki…,”jare Boy. “Tapi, sik…iki duduk nomere Angga…iki nomere Kosim…iyo…Sim iki lak nomermu se?”
Kosim manthuk ambek ngempet ngguyu…
“Oo…dadi selama iki duduk Mas Angga sing sering sms aku… oo…tibake asu iki…jare Mbak Pat ambek mlayu karo nyincing roke nguber Kosim sing wis mlayu ndisiki. “He asu, mandeg koen…tak tampeki kene raimu… nggarai wong tuek ae penggaweane… telok lemak sempel iku…” Mbak Pat bengok-bengok.

***

Boy mlayokno tigere mulih, tapi moro-moro de’e kepikiran Angga. Pasti nang lapangan basket biasane Angga latihan. Pas tekok nggone Boy ndelok Angga latihan basket dewekan.
“Ngga!!!” bengok Boy.
Angga noleh tapi meneng ae gak ngereken Boy.
Boy marani Angga nang tengah lapangan.
“Ngga…koen nang ndi ae se, gak tau ketok…gak isok ditelepon…” jare Boy.
“Duduk urusanmu Boy,” jare Angga ambek terus latihan.
“Koen lagi onok Masalah ta?”
“Duduk urusanmu, cuk!” Angga emosi ambek nguncalno bal basket.
Boy kaget dipisuhi Angga, tapi de’e meneng ae…”Yo wis, nek koen pingin ngomong, aku nang sebelah kono ngisore Papan skor,” jare Boy ambek mlaku nang pojokan.
Gak tapek suwi Angga marani Boy lungguh nang jejere.
“Sori, Boy… aku lagi sumpek,” jare Angga ambek ndingkluk.
“Gak popo, Ngga… nek koen lagi gak pingin ngobrol yo gak popo. Arek-arek cumak kuwatir kok…” jare Boy ambek nyumet rokok.
“Boy…koen eling pas aku ditelpon adikku dikongkon nang rumah sakit… Pas iku Papaku hb-ne rendah…terus harus transfusi darah gawe menaikkan hb-ne de’e. Pas iku aku ate donor, tapi… tibake golongan darahku seje karo Papa. Padahal aku ambek Mama ambek adikku golongan darahe seje pisan. Papaku A, adikku B, Mamaku B, lha aku O…sampek omah, Mama takdhedhes taktakoki opo’o golongan darahku seje dewe? Pertamane Mama gak gelem ngaku. Tapi takdhedhes terus akhire Mama ngomong nek aku iki duduk anak kandunge Mama Papa.”
“Heh?!!” Boy kaget. Rokoke langsung dipateni.”Mosok?”
“Iyo Boy, bapak ibuk kandungku wis mati kit aku umur setahun nang Kalimantan. Aku dipek anak karo Papa Mama sampek saiki…”
Boy meneng ae gak eruh ate ngomong opo.
“Adikmu?”
“Adikku anak kandunge Papa Mama, Boy… mangkane aku sumpek nang omah, Boy… aku kepingin eruh kuburane wong tuo kandungku, paling gak eruh fotone lah… tapi Mama ngomong gak eruh nang ndi kuburane opo maneh nduwe fotone,” jare Angga ambek motone mbrabak..
“Pirang dino koen gak mulih omah?” takok Boy.
“Rong dino iki…”
“Koen turu nang ndi, Ngga… nang omahku ae yo..”
“Gak wis Boy… suwun yo… omongno arek-arek aku njaluk sepuro…” jare Angga ambek ninggalno Boy. Boy sik thenger-thenger shock…

***

Sampek omah Boy langsung nggoleki Umik.
“Umik… Umik…” bengoke gak ndelok Yu Mi sing lagi kelesetan nang jubin langsung keidek-idek Boy.
“Aduh…Mas Boy niki yok nopo se…gak ndelok wong kelesetan ta?” protes Yu Mi ambek nyekeli boyoke.
“Mangkane ta… kelesetan kok nang tengah dalan. Takpikir keset mau. Umik… Umik….” Boy bengok-bengok.
“Walah… onok opo se? bengak bengok koyok nang terminal ae..!” jare Umik metu tekok jedhing.
“Mik… aku saiki takok nang Umik, jawaben sing jujur sejujur-jujurnya yo…”
“Takok opo koen?Arek iki kesambet opo se Yu Mi… kok moro-moro ngomong gak jelas ngene?” jare Umik.
“Aku iki anake sopo?”
“Anake sopo yo-opo? Gendeng arek iki wisan…” jare Umik.
“Wis ta jawaben… aku iki anake Umik ta duduk?”
“Duduk… koen lo mlethek tekok watu… sempel arek iki. Sing nggembol koen sangan wulan lo, aku…yo-opo arek iki,” Umik tambah bingung.
“Temen ta Yu Mi… temenan aku iki anake Umik karo Abah?” Boy takok nang Yu Mi.
“Sampean dibujuki Umik…asline sampean sing nemu aku nang tempat sampah ngarep diwadahi kresek abang dieker-ker kucing,” jare Yu Mi.
“Yu Mi… takjejek temen lo cangkemmu!” sentak Umik.
“Buk…eling…sampean wis hajjah… nek ngomong ditoto… disampluk moloekat mengke…” jare Yu Mi.
“Lha koen nggarai aku stress ae,” jare Umik.
“Wis talah… aku iki anake sopo??” Boy ngotot.
“Yo anakku…arek iki droko gak ngakoni wong tuane. Ate dadi maling kondang (maksude Malin Kundang) ta koen.? Yu Mi… album foto cilikane Boy gowoen mrene! Cek ndelok dewe arek iki cilikane biyen…” jare Umik.
“Walah buk… sampun mboten wonten…” Yu Mi njawab enteng.
“Gak onok yo-opo se.. mok deleh endi kabeh?”
“Kulo buwak sedoyo buk… fotone elek-elek… gambare lo hitam putih sedoyo, jare Yu Mi karo njabuti rambut keleke. Kemproh ancene Yu Mi iku.
“Koen iki gendeng kok ancene Yu Mi… foto jaman biyen yo hitam putih kabeh, goblok. Gak onok sing berwarna. Endi saiki albume!” Umik emosi ndelok kelakuane Yu Mi.
“Tenang ae buk.. albume mpun kulo ganti sedoyo fotone kalian foto artis-artis. Sae-sae buk sedoyo berwarna…”
“Koen iku sekarat ancene Yu Mi… lapo album keluarga isine mokganti fotone Sahrukh Khan, Aksay Kumar, Sri Devi…”
“Kulo lo mboten seneng artis Indonesia buk… sering kawin cerai,” Yu Mi membela diri.
“Umik golongan darahe opo?” takok Boy.
“Aku lo golongan darah O, podho karo koen. Abahmu golongan darahe A.” jelas Umik.
“Kulo golongan darah rendah,” jare Yu Mi.
“Gak ngurus raimu,” sentak Boy.
“Mbuh…pokoke aku ate tes DNA !” Boy mekso.
“Tes DNA? Tes Opo iku koyok tes SIM ngono iku ta? Gawe opo?” takok Umik.
“Buk…buk…ndeso. Kados sing teng sinetron niku lo… Luna Maya dites DNA, damel mestekno anake niku bapake Ariel nopo mboten?” jelas Yu Mi.
“Lho… Luna Maya wis rabi karo Ariel ta?” takok Umik.
“Walah…niki sinetron… mboten temenan…Anake niku dites DNA, bapake Ariel nopo Raffi?”
“Lho Raffi iku karo Yuni Shara… gak karo Luna Maya yo, goblok ancene koen iku, Yu Mi,” jare Umik.
Boy ndhase tambah mumet. Moro-moro Abah metu tekok kamar. “Opo ae se rek, kok rame ae kit mau?” jarene.
“Bah, aku iki anake Abah ta duduk?” takok Boy.
“Nasi uduk? Moh…aku gak seneng.” Jare Abah.
“Oalah yo… ancene budheg…” jare Boy.
“Gudheg? Gelem aku Boyo. Endi kene?”
Boy langsung mlayu nang kamare karo nutupi kupinge.

***

Boy, Sony karo Kosim isuk iki nang rumah sakit Karang Menjangan. Nemoni dokter gawe tes DNA.
“Jadi Mas mau tes DNA?” takok doktere.
“Iya, dok… saya mau cocokkan DNA saya dengan ibu saya,” jare Boy.
“Kenapa kok gak yakin kalau mereka ayah ibu kandungmu?” takok doktere.
“Ya… soalnya saya kan ngganteng, lha Umik sama Abah itu wajahnya biasa-biasa, gak mirip blas,” jare Boy mekitik koyok asu. Doktere cumak ngempet ngguyu ndelok asu iku.
“Oke…tapi biayanya mahal, lo…”
“Ehm…berapa dok?”
“Ya…puluhan juta,” jare doktere.
“Heh??? Duwik kabeh opo dicampur godhong? Yang bener dok?”
“Iya, memang mahal, karena peralatannya pun mahal.”
“Duwik gambar gareng…orang operasi bibir sumbing adiknya Kosim aja gratis…Masak gak ada diskon se Dok?” jare Boy.
“Ya…teknologi memang mahal…”
Boy langsung nyeluk Kosim, nyilih kartu gaskin sing mesti digowo Kosim nang endi-endi.
“Kalo pake kartu gaskin ini gak bisa dok. Ini kan untuk keluarga miskin? Masak gak ada keringanan?” rayu Boy.
Doktere cumak godheg-godheg.
“Wis Boy, prikso nang puskesmas nggonku ae, nang Burneh. Murah, isok mbayar nggawe telo opo pohong,” jare Kosim.
“Mattamu Sim, iyo nek prikso watuk opo pilek. Iki lo tes DNA!”
“Lha iya Boy… aku yo pernah periksa ndek kono… lengkap kok, onok alat SPG gawe ndelok bayi nang weteng,” jare Kosim.
“USG… goblok….wis – wis, mulih ae… larang perikso nang kene,” Boy ngejak arek-arek nyingkrih.
“Iyo,” jare Sony, “Nang wong pinter ae, Boy. Onok dukun nang Lumajang isok ndelok, Boy.”
“Jancik…iki maneh…laopo mblakrak sampek Lumajang barang…”
“Iyo, Boy… wong bibikku ilang lo isok ketemu maneh karo pamanku gara-gara dukun iku. Mosok nggoleki wong tuo aslimu thok ae gak isok,” jare Sony.
“Bibikmu lo ancen minggat, gak tau diopeni pamanmu.”
“Wis, talah … gak athek tes DNA, TNT, BCA… wis pokoke garek nggowo kembang telon karo endok pitik kampung thok. Wis ketemu,” jelas Sony.
“Moh, raimu gendeng cuk… sirik iku,” tolak Boy.
“Iyo, sirik tanda tak mampu,” jare Kosim.
Moro-moro Mbak Pat mlebu ruang periksa.
“Dok, disini bisa operasi silikon ya?” takok Mbak Pat.
“Cuk…asu iki melok pisan,” gremeng Boy.
“Gimana dok? Saya ingin seperti Krisdayanti lo, dok… katanya dia opersai plastik juga kan.?” jare Mbak Pat ambek mbukak klambine, trus dicantolno mburi lawang. Arek-arek langsung mlayu semburat kabeh ndelok Mbak Pat kotangan thok kampul-kampul koyok wewe gombel iku. Doktere pisan mlayu ndelik nang toilet ambek mutah-mutah. Untung security bagian Poli Penyakit Jiwa langsung teko. Mbak Pat langsung diseret metu digowo nang barak.
“Sik, ta cuk…asu…ojok main seret ae. Klambiku lo keri…,” jare Mbak Pat cumak kutangan thok ambek jerit jerit. Arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah bengok-bengok maneh.
“Wong gendeng…wong gendeng…wong gendeng…,” jare arek-arek cilik iku.
“Asu… ancene arek SD saiki mokong-mokong…”

***

Dino iku, Angga ambek Boy, Sony, karo Kosim pisan cangkruk nang lapangan basket.
“Dadi koen sik durung mulih nang omahmu blas Ngga?” takok Boy.
Angga godhe-godheg
“Mon tedhung na kemma, Ngga?” takok Kosim.
“Ojok nggawe boso planet ta cuk,” Boy protes.
“Tidurnya itu lo dimana? Boy iki emosian,” jare Kosim.
“Lha koen nggawe boso Inggris Temor ngono,” jare Boy.
“Aku tidur di hotel,” jare Angga.
“Wenak, cuk… onok hostes-e gak, Ngga? Purel, purel, nek gak ngerti hostess,” takok Sony.
“Cuk…sempak sitok iki gak ngerti nek koncone kesusahan… balon thok ae sing onok nang utek-e,” sentak Boy.
“Yo untunge kartu kreditku akeh, dadi aku gak repot.”
“Turu nang omahku yo gak popo kok Ngga, timbangane duwikmu entek,” jare Boy.
“Suwun Boy, gak usah… cumak masalahe engkok nek duwikku wis entek yo-opo iki,” jare Angga.
“Yo gampang… njaluk ae nang Papamu… de’e kan sugih. Duwike lo gak entek gawe tujuh turunan tujuh tanjakan,” jare Boy.
“Moh, aku gak gelem njaluk duwik maneh…Papa Mama jahat kabeh, mbujuki aku kit cilik. Karuan aku nggolek kerjo ae.”
Moro-moro onok adike Angga, jenenge Putri, ngampiri arek-arek.
“Mas Angga…Mas Angga nang endi ae sih, Mas…” jare Putri.
Angga ngadheg trus mbentak, “ngalih-ngalih… lapo koen mrene… gak usah nggoleki aku. Aku lo duduk Masmu!”
“Mas… aku iki gak eruh opo-opo… aku yo stress sik tas ngerti nek Mas Angga iku duduk Mas kandungku. Tapi yoopo maneh?” Putri emosi pisan.
”Mbuh…mbuh.. minggir…!” jare Angga ambek metu lapangan basket
“Mas… Mama saiki iku nang rumah sakit… nggoleki sampean terus!” Putri mbengok karo nangis.
“Gak ngurus…”jare Angga ambek terus mlaku nang parkiran.
“Mas… Mama iku telung dino iki wisan gak gelem mangan, gak gelem ngomong, njaluk ketemu sampean thok. Sampean kok jahat se?” Putri marani ambek mlayu.
Angga mandheg…
“Mama iku saiki diinfus… Papa bingung nggoleki sampean hapemu mokpateni…” jare Putri.
Boy siap-siap ate ngomong, tapi cangkemme langsung dibingkep Sony. Sony eruh disaat urgen koyok ngene, omongane Boy biasane mblakrak gak karuan, padahal Boy lo cumak ate ngomong, Ngga… kancing klambine adikmu lo mbukak siji… tali kutange ketok…
“Ayo, nang rumah sakit,” jare Angga karo nyeret adike.
“Ayo melok pisan!” jare Boy ngejak Sony karo Kosim.
“Lapo melok?” takok Sony.
“Kancing klambine adike Angga lo mbukak…”

***

Sampek rumah sakit Angga langsung marani Mamane sing diinfus. Mamane langsung ngrangkul anake iku.
“Ma…sepurane, Ma… Mama ojok koyok ngene maneh,” Angga njaluk sepuro Mamane.
“Nggaa…koen nang endi ae, Le… turu nang endi…trus mangan opo…Koen iku anakku… Mama iki Mamamu, Le… sampek kapan tetep Mamamu… ojok lungo-lungo maneh… karuan mati ae Mama iki nek moktinggal,” jare Mamane.
“Mama ojok ngomong ngono…Iyo, ma…aku janji gak minggat maneh… tapi Mama yo gak oleh ngene maneh…,” jare Angga karo ngempet nangis ndelok Mamane koyok ngono.
“Iyo…iyo…Mama janji, pokoke koen gak minggat maneh yo,” jare Mamane ambek ngambungi Angga.
Angga gantian dirangkul Papane.
“Papa njaluk sepuro, Le, gak ngandani koen kit biyen… tapi koen yo kudu eruh nek koen iku anakku… gak onok bedane karo Putri…kabeh anake Papa Mama,” jare Papane Angga karo ngrangkul Putri pisan.
Boy, Sony, Kosim, karo suster sing ndelok cumak isok mingkem thok ndelok kedadian iku. De’e gak sido ngomong, Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji… tali kutange ketok… Moro-moro onok wong wedok diseret petugas keamanan karo bengok-bengok. Wong-wong kaget kabeh.
“Tolong ..asu…kirik kabeh… aku iki gak gendeng cuk…,aku cumak pingin operasi plastik, cuk, jancuuuuk…” jare wong wedok sing diseret cumak kutangan thok iku…( koen pesti eruh sopo wong wedok iku…)

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 4

MINGGAT – MINGGAT – MINGGAT

Boy, Sony, karo Kosim ngowo thok ndeloki omahe Angga sing guedhe iki. Awan iki are-arek ancen niat dolin nang omahe Angga. Omahe rong kapling nang daerah Galaxy, Surabaya Timur. ck ck ck… mobile sampek gak cukup nang garasi. Onok ji, ro, lu, pat, mo, nem, pitu, wolu, songo… “Masak-alah iki omah ta showroom mobil,” pikire Boy.

“Jancuk, omahmu gedhene, Ngga. Koyok omahe Michael Jackson,”jare Sony.
“Sekolah nang ndesoku ae kalah gedhe,” jare Kosim ambek mbayangno sekolahe sing remek kabeh nang Meduro, ngenteni dana tekok SBY.
“Omahe ebesku, duduk omahku,” jare Angga.
“Podho ae,” jare arek-arek.
“Mobil sakmono akehe iku digawe kabeh, Ngga?”
“Iyo, onok sing digawe Papa, Mama, adikku, pembantu.”
“Cuk, babumu lo uripe luwih mulyo timbangane Kosim.”
“Aduh, Nyah…mbok dipasang eskalator mawon timbangane kulo munggah mudhun terus, pegel,” jare babune.
“Leres, Nyah, kados teng Carrefour niku lo…enak… Kamar kulo AC-ne nggih mati Nyah, ongkep nek dalu,” jare babu liyane.
“Asu…kamare babu ae dikeki AC… kos-kosane Kosim po-o, kipas angine sempal kabeh. Isok muter tapi limolas menit thok, trus matek sampek isuk…” jare Boy.
“Ma, iki konco-koncoku kuliah…kenalno rek…iki Mamaku,” jare Angga.
“Oh, iya…saya Mamanya Angga, ini sapa? Boy? Ini Sony… lha ini yang kecil?”
“Kosim, Tante,” jare Kosim.
“Kosim? Koyok nama tukang kebon kita dulu yo Ngga…ayo, Ngga, koncomu dijak mangan disek..ketoke kok kaliren si Boy iki,” jare Mamane Angga dengan ramah.
“Cuk, asu, eruh ae Mamane Angga iki,” batine Boy.
“Wadadah…nambahi penggawean ae,” jare babune sing semlohe ambek nyepakno mangan.
“Ngrusuhi wong fesbukan ae,” jare babu liyane karo ngetokno blackberry-ne. Cuk… atase babu ae nggawe BB, hape-ne Kosim ae model lawas sing layare monochrome cumak abang thok, trus suarane yo monophonic, keypad-e opo maneh…gak onok sing ketok hurufe, wis nglenthek cet-e.
“Ayo, makan dulu, gak usah malu-malu. Tante tinggal ya.” Pamit Mamane Angga.
Arek-arek kaget ndelok panganan nang mejo. Sony karo Kosim sing model kos-kosan langsung nyarap koyok kere gak menangi mulud. “Cuk, panganan sakmene akehe, koen kok yo gak lemu-lemu se Ngga? Enak-enak pisan…koyok nang acara mantenan ae,”jare Sony ambek njupuk lidah asap.
“Ngga. Nek gak entek, takgowo mulih yo, gawe nang kos-kosan,” jare Kosim ambek njupuk lobster.
“Cuk, ojok ngisin-isini koen, Sim.” Boy ipok-ipok jaim, padahal de’e yo kaget ndelok panganan sing koyok nang hotel iku.
“Aduh-aduh…arek-arek iki cik akehe wong mbambung nang wetenge,” jare babu sing untune mrongos ambek ngetokno pai apel gawe dessert.
“Nggacor ae, juragane lo gak protes. Awakmu atase babu ae kakean cocot,” jare Boy.

Mari mangan arek-arek munggah nang kamare Angga.
Nang kamare Angga, opomaneh… AC, home theater, Tv kabel, wis ta…koyok hotel bintang lima temen. Onok Gym-e pisan… kelas temenan…
“Wah, sangar, Pak, onok kamar mandi dalame pisan… nek nggowo cewek isok langsung jret-jret,” jare Sony sing uteke mesum.
“Asu, iki pikirane lak konokan tok ae,” jare Boy ambek langsung ndeloki koleksi dvd-ne Angga.
“Bokepe onok gak Boy?” takok Sony.
“Sik talah…aku yo nggoleki iki lo…”jare Boy.
Kosim wis kungkum nang bathtub …wenak pak…timbang nang kosan, adus ae antri, ngising ae gentian.
“Sim, nek ate kungkum nang kolam renang ae,” jare Angga.
“Onok ta?” takok Kosim.
“Onok , nang mburi. Ayo nek kepingin…”
“Aku melok!” jare Boy.
“Son, koen nek nyetel BF suarane offno yo, ngkok krungu pembantuku nek kebanteren,” jare Angga.
“Oke bos…Miyabi…I’m coming…”jare Sony. Bedhes iku seneng atine koyok ketiban duren.

***

Mari kuliah, Boy, Angga, Sony, karo Kosim cangkruk nang parkiran. Males ate cangkruk nang kantin. Mblenek ndelok raine Mbak Pat.
“He…rene lo…lapo cangkruk nang kono…nang caféku kene lo!” Bengok Mbak Pat.
“Moh…bosen, ndelok sampean thok…gak onok hiburane blas,” jare Boy.
“Oalah, pingin hiburan to…jadi aku mokkongkon striptis,gitu? ah…jadi malu…” jare Mbak Pat ambek nutupi raine.
“Cuk…jancuk….rai koyok cithakan apem ngono kok yo sik kemayu…” Boy gregeten.
“Tapi body gue seksi kan…kayak maia ratu…” Mbak Pat pamer bangkekane ambek motone kethip-kethip.
“Iya…kayak mayat asu…” jare Sony.
Arek-arek gak ngurus Mbak Pat sing ngosek-ngosek nang cagake warunge koyok penari striptis.
“Enak yo Ngga, awakmu…opo-opo wis cemepak, sembarang wis tersedia. Mobil garek milih, mangan garek nyidhuk, duwik garek nggunting,” jare arek-arek.
“Yo… yo-opo maneh, onoke yo iku… mosok ate gak digawe” jare Angga.
Rumongso gak direken arek-arek, Mbak Pat semakin berani. awake digrujuk karo banyu sak ember cek timbul efek kaos basah. Arek-arek tambah gilo, gak terangsang blas.
“Ebesmu kerjone opo se, Ngga?” takok Sony.
“Yo pengusaha biasa. Eh,sik yo hapeku muni.” Angga nompo telpon nang hapene.
Mbak Pat sing gak direken arek-arek tambah kesetanan. Kaose dibukak garek kutangan thok ambek mendesah-desah koyok wong kepedesen.
“Eh, rek, aku disikan yo…ate nang rumah sakit, ebesku mlebu UGD. Iki adikku sik tas telepon,” pamit Angga.
“Yo wis, ayo ngalih pisan, timbang nang kene ndelok wong gendeng kutangan thok.”
Mbak Pat muangkel ndelok aksine gak dianggep arek-arek. Malah arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah ngelokno.
“Wong gendeng…wong gendeng…wong gendeng…”
Mbak Pat langsung muntap dilokno arek cilik-cilik. “He, kirik kabeh. Gak tau diajar wong tuone yo!!!” jarene ambek nyawati arek-arek mau karo piring plastik “Ojok mlayu koen, kene…taknyunyuk rokokku iki!”
“Wong gendeng ngamuk…wong gendeng ngamuk…” jare arek cilik-cilik karo mlayu sipat kuping.

***

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 3

CAK & NING

Mari kuliah Pengamen (Pengantar Manajemen) Boy ambek geng-e, yoiku Angga, Soni, karo Kosim cangkruk nang kantine Mbak Pat. Ate cangkruk nang endi maneh? Nang perpustakaan, pikire mahasiswa liane: “Gak salah, ta? Ketemplekan setan endi bangsat-bangsat iki mlebu nang perpus?” jare mahasiswa liane karo ngucek-ngucek matane.

Kate cangkruk nang mesjid, arek-arek SKI karo takmir mesjid wis mbatin “ Masya Allah…Astaghfirullah…mesjid kok ate digawe mabuk…”
Kate cangkruk nang parkiran, dipikir ate nyolong helm. Malah Kosim ndhase dicantoli arek helm.
“Eh, sori Mas, tak pikir sampean mau cantolane penitipan helm. Eh, tibake menungso…” jarene.
“Patek celeng!” sentak Kosim
“Mangkane ta Sim, nduwe rai elek iku ojok dideleh sembarangan. Yo gak salah nek mas iki mikir ndasmu cantolane helm, ancen modelmu lo koyok pekakas, gak koyok menungso umum,” Boy mbelani arek mau. Kosim mecucu thok ae.
Akhire yo yo-opo maneh, gelem gak gelem yo nang warunge Mbak Pat.
“Mampir…yo mampir…” jare Mbak Pat karo mbenakno kutange. Arek-arek langsung mutah-mutah. Kutange lo, cak, bolong-bolong akeh penitine. Taline rantas kathik akeh bolote. Nggilani, cak.
“Ayo, cabut, rek! Ndelok raine wong iki, wetengku langsung kebelet ngising,” ajak Boy.
“Minggato-minggato…Gak duwe duwik ae cangkruk nang kafeku,” jare Mbak Pat.
“Kafe gathel ta…Triplek-e ditrombol tikus ae rubuh, kathik ngaku-ngaku kafe,” bales Boy.

Akhire arek-arek cangkruk nang toko kaos Cak-Cuk nang daerah Dharmawangsa.
“Opo iki, mbak?” Soni takok nang SPG-ne.
“Kertas, mas…” jare SPG-ne
“Wis ngerti, mbak…sopo ngarani iki gedebog! Maksudku iki formulir opo?” Soni takok karo mangkel.
“Wis ta lah, mas…sampean gak mungkin isok,” jare SPG iku nggregetno.
“Jasiiit…aku iki cumak takok, IKI FORMULIR OPO….?” Soni rodok emosi.
“Formulir lomba Cak dan Ning. Sing melok lo ayu-ayu karo ngganteng-ngganteng. Wajah sampean lo gak jelas…antara vespa ambek matic,” jare SPG-ne.
“Mbok kiro iki sepeda motor?” Soni gregeten.
“Wis ta lah, Son…koen ambek Kosim ancen gak isok melok lomba iki. Pertama wis jelas, raimu karo raine Kosim lumayan rusak. Kedua, sing melok lomba iki kudu wong sing KTP-ne Suroboyo. KTP-mu lo Malang, Kosim tambah gak jelas…nang endi-endi sing didudokno malah kartu Gaskin, Keluarga Miskin! LANJUTKAN!” jelas Boy.
“Gaskin matamu, Boy!” jare Kosim.
Moro-moro Anya karo Prita mlebu nang toko.
“Lho, lapo nang kene, rek?” takok Anya.
“Gak lapo-lapo, ndelok-ndelok kaos. Koen lapo?” takok Angga.
“Ate njupuk formulir lomba Cak dan Ning!” jare Anya.
“Koen ate melok, ta?” takok Angga.
“Iyo, koen melok-o po’o, Ngga! Koen pisan yo, Boy,” jare Anya.
“Emoh, nggilani, cuk,” tolak Boy.
“Eh, goblok, hadiahe lumayan lo Boy,” jare Anya.
“Opo?” takok Boy karo Angga barengan.
“Trophy, dhuwik, karo tiket pesawat nang Bali pp,”jare Anya.
“Temen, ta?” takok Boy.
“Tiket nang Bangkalan gak ada ya?” takok Kosim.
“Melok-o lomba Kerapan Sapi ae!” sentak Boy.
“Yo-opo, Ngga…melok ta gak?” takok Boy.
“Wis ta lah, melok ae…kene aku sing ndaftarno. Dino iki pendaftaran hari terakhir. Ayo kene takfoto karo hapeku, ngkok takcetakno pisan!” jare Anya karo moto Boy ambek Angga.
“Rai welek ae kathik melok Cak dan Ning,” protes Soni.
“Elek yo-opo se? Koyok Christian Sugiono ngene jare elek!” Boy mulai mekitik koyok asu.
“Christian Sugiono? Chris John kaleeee…” jare Soni.
“Nek raimu koyok Bokir ojok athik iri. Prita ndak ikut juga?’ takok Boy.
“Nggak lah, Boy, KTP gue kan Bandung, bukan Surabaya, mana bisa?” jare Prita.

***

Boy lagi kelesetan nang kamare. Abah lagi…mboh, ngurek-ngurek kupinge be’e. Umik lagi main playstation karo Yu Mi, babune.
“Ayo, Mi, PS mungsuh aku, sing kalah kudu mijeti sing menang, yo,” tantang Umik.
“Mboten, Bu, sampean nek main nakalan ngoten. Mengke nek wayahe sampean mijet, alasane ‘aku takngising sik, Yu Mi”. Nek gak ngono ‘aduh, Yu Mi, tanganku moro-moro kram” tolak Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngecemes ae lambemu, ayo, timbangan koen engkok takpecat!” sentak Umik.
“Sorone yo…dadi babu. Ngene salah, ngono yo salah, juragan senengane ngomel….ae!” sambate Yu Mi.
“Sik lumayan aku, gak tau nyikso koen. Padahal saiki kan usume babu disetriko juragane. Opo babu dinyos rokok karo bos-e. Lagi ngetrend, lo Yu Mi,”
“Mari ngono dimutilasi. Sampean iku juragan ta Ryan, tukang Jagal?”
Moro-moro onok swarana telpon. Poooon….Eh, kriiiiiing.
“Yu Mi, angkaten telpone,” kongkon Umik.
“Walah, Bu, mesti….kulo sing dikongkon ngangkat telpon,” protes Yu Mi.
“Lha terus aku ngongkon sopo? Koen lo babuku. Lha mosok wong dodol es tebu ngarep iku dikongkon ngangkat telpon?”
“Bendino ngene yo bungkuk gegerku,” jare Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngomel ae, paling-paling sing telpon bakul tempe gendakanmu iku. Kemalan…Sik tas duwe hape ae gayane telpan telpon!” sindir Umik.
“Sori, nggih, Bu…Mas Tommy lho nek telpon langsung teng hape kulo,” tolak Yu Mi.
“Jenenge asline Tompo ae athik diganti Tommy! Kemoncolen!”
“Kersane tah, Bu. Sampean mboten tumut mbancaki ae kakean protes,” jare Yu Mi ambek ngangkat telpon. “Halo, dengan Yu Mi disini, bisa saya bantu…”
Yu Mi, Boy nang omah, ta? Endi areke?” takok Angga.
Sopo iki? Lapo nggoleki Mas Boy, aku lho nganggur…
Wis talah Yu Mi, iki penting. Hape ne gak diangkat taktelpon.
“Iyo…iyo… areke lo sik turu… tak gugahe sik,” saut Yu Mi.
Boy ngangkat telpon karo angop, mari keturon, ”Lapo, Ngga?”
“Boy, mene isuk awake dhewe diceluk gawe penyisihan Cak Ning nang balai kota. Ojok lali lo!” jare Angga.
“Yo wis, bareng ae yo…timbangane ijenan mrono koyok gajah kopoken,” jare Boy.

***

Isuk iki penyisihan Cak Ning, materi sing diuji yoiku wawasan tentang kota Suroboyo. Ujiane tertulis koyok UTS ngono iku. Hasile diumumno jam rolas awan. Sing dijupuk nang babak berikute arek seket. Selawe lanang, selawe wedok. Pas diumumno Boy karo Angga katut nang babak berikute. Anya katut pisan.
“Asiiik, awake dhewe katut limapuluh besar, Boy,” jare Anya.
“Iyo, tapi wetengku luwe, cuk! Wis jam rolas gak dikeki mangan. Panitiane yok opo se? dikorupsi be’e anggarane gawe mangan awan!” Boy bengok-bengok kaliren.
“Cangkemmu ojok banter-banter, ta! Koyok wong kemalan badhogan ae,” jare Angga.
“Lha terus yok opo…awake dhewe gak oleh mulih, nang kene gak dikeki mangan…” Boy marani wong sing nggawae keplek panitia.
“Paklik, pesertane gak dikeki mangan, ta?” Boy takok nang wong iku karo nyekeli wetenge.
“Lak-lek lak-lek… Mbok anggit aku iki bakul pentol ta? Sik, ta, dikeki…dikeki! Ojok nggarai gupuh ae ta!” Wonge ngomel ae ditakoki boy.
“Yo wis, nek ngono…Takenteni yo lek, yo…”

Mari acara mangan awan, sesi berikute latihan mlaku nang panggung. Sing nglatih jenenge Mas Yance. Wonge rodok yok opo…ngono. Rodok gagah gemulai.
“Ayo…ayo….semua latihan dengan serius ye…biar nggak malu-maluin ike nanti kalau tampil di panggung,” jare Mas Yance.
“Ngga, pelatihe rodok gak beres yo..endel…” Boy mbisiki Angga.
“Ayo…itu lekong yang lagi bisik-bisik tetangga…pasti lagi ngrasani ike, ya!” sentak Mas Yance.
“Gak, kok mbak, eh mas, iku lo kupinge Angga onok semute.”
“Sutra bok, gak pake alesan…ayo berdua maju ke sindang…
“Ayo kamu yang tinggi, coba jalan dulu kayak yang ike ajarkan tadi..” kongkon Mas Yance.
Angga langsung mlaku nang catwalk.
“Aduh, nek…jalannya kok koyok wong kebelet ngising ngono sih…Ayo ganti yang satunya,” jare Mas Yance ngongkon Boy mlaku.
Boy mlaku karo wedi nek disentak karo Mas Yance.
“Oalah, yo…yo… iki malah mlakune koyok wong kabotan gandul ae. Mekekeh mekekeh,” sentak Mas Yance.
“Ancene kegeden, mas…” jare Boy koyok asu.
“Opone sing kegeden, hayo…”
“Celonoku lo kegeden…mlakune dadi mekekeh mekekeh,” Boy ngunjukno celonone.
Arek-arek ngguyu kabeh ndelok Boy koyok bedhes mlakune.

***

Dino iki pemilihan Cak Ning dimulai sesi interview. Pesertane diseleksi tekok seket, sing lolos dadi telungpuluh. Limolas lanang limolas wedok. Jurine onok telu. Pertanyaan gawe peserta macem-macem, saksire jurine. Koyok sing ditakokno nang Boy saiki.
“Sebagai orang Surabaya, apa yang kamu banggakan dari kota Surabaya ini?” takok juri sing lemu.
“Em…yang saya sukai dan saya banggakan dari Surabaya ini adalah makanannya. Kebetulan saya ini orangnya suka makan ya, alias kemalan badhogan kalau orang Surabaya bilang. Nah, macam-macam makanan khas Surabaya ini bener-bener gak ada tandingannya. Saya pikir gak ada yang bisa nyaingi kota ini dalam hal makanan, sepanjang yang saya ketahui. Ada rawon, rujak cingur, lontong balap, semanggi, soto ambengan, mi kluntung, soto sulung, tahu campur, tahu tek, lontong kikil, kupang lontong, nasi bebek, tempe penyet…pokoke top markotop,” Boy nyerocos.
“Lalu bagaimana cara mengenalkan makanan tersebut ke publik nasional ataupun internasional?” takok juri sing kribo.
“Ya…pertama harus dipatenkan mereknya dulu, daripada nanti diakui Malingsia, eh Malaysia sebagai makanan khas daerahnya. Eh, mana bisa ya? Memangnya di sana ada petis atau lento. Terus yang kedua adalah dibuat lebih keren, misalnya packagingnya. Misalnya kalau biasanya mi kluntung diadai piring, bisa disajikan di hotplate. Kan keren, Pak…”
“Ooo…begitu. Selain makanan, apa lagi?”
“Ya banyak Pak… tapi yang paling saya banggakan ya makananya. Ngomong-ngomong makanan, jadi lapar nih, Pak. Nanti siang lak ada konsumsinya ya, Pak?” takok Boy.
“Ya, ampun…sik jam sepuluh wis kaliren, Mas,” jare juri sing wedok.
“Ndak, buk..soale yang kemarin itu makan siange telat. Latihan mlaku koyok peragawati…terus….gak mangan-mangan.”
“Oalah… Mas ini ikut Cak Ning apa kemalan badhogan?”
“Masalahnya kalo saya gak makan itu, kaki saya itu gemeter, trus jalannya kak jadi ngedher, akhirnya dimarah-marahi terus sama yang nglatih jalan. Kathik yang nglatih itu orangnya judes, ngamukan.” sambat Boy.
“Hayo…ngrasani ike lagi ya…” Mas Yance moro-moro metu.
“Lho, kan…saya bilang apa. Durung garing lambeku ngomong, wonge wis cerok-cerok koyok bebek ate ngendhog,” jare Boy.
“Ye…lagi-lagi ye…ike bisa pusiiiing ngurusin ye. Aduh dewan juri yang terhormat dan mulia serta yang dipertuan agung, ike saranin peserta yang satu indang gak usah dilolosin aza. Bikin kacau acara deh, dewan juri yang berhati mulia dan bijaksana.”
“Lapo se…sing mutusno lo dewan juri, duduk sampean. Awakmu lo isoke cumak nglatih mlaku thok ambek ngomong smail … pose….blocking…. sopo sing gak isok, cak!” omel Boy.
“Liat tu dewan juri yang maha mendengar insan yang lemah ini. Doi selulit menghina ike yang berhati baik dan lembut ini.”
“Sudah, sudah…gak usah bertengkar. Malu, acara ini kan disiarkan di tivi dan diliput media cetak. Ayo saling maaf-maafan,” kongkon Dewan Juri.
“Minta maaf sama dia? Ne…ne…ne…Ike bisa diinfus dua kali duapuluh empat jam di rumah sakit kalo harus minta maaf sama dia,” Mas Yance gak gelem wawo.
“Diinfus? Mesisan cuci darah ae atau operasi plastik ganti kelamin yo gak popo!” towo Boy.
“Pokoknya saya tidak terima dengan penghinaan ini. Dewan juri harus mutusin milih dia atau ike. Kalau pilih dia, ike mau mundur dari kontes ini. Itu keputusan ike. Titik!”
“Aku lo gak ngurus awakmu maju ta mundur ta njengking ta kayang. Kalau dewan juri minta saya mundur saya gak papa. Kalah menang bukan tujuan saya ikut kontes ini. Arek suroboyo yo koyok ngene iki, cak! opo onoke. Nek kelakuanku dianggep gak sesuai ambek acara iki, yo wis, aku sing ngalah. Sepurane sing akeh, nedho nrimo!” jare Boy karo ninggalno panggung. Tapi Angga cepet-cepet munggah ambek nggowo es teh ditemplekno nang dhodhone Boy koyok iklan nang tivi. Boy rodok adem.
“Wis, ta Boy, gak popo njaluk sepuro Mas Yance. Anggepen ae wong gendeng. Aku males nerusno nek koen gak melok Boy,” Angga ngrayu Boy cek gelem njaluk sepuro.
Boy meneng ae ambek mecucu, “Yo wis, saya mau minta maaf demi lancarnya acara ini sampai selesai…Mbak, eh, mas…maafkan saya ya,” jare boy ambek ngekekno tangane.
“Apa, salaman sama Ye? Huh, najis!” tolak Mas Yance.
“Najis mattamu yo! Cuk, asu, raimu lo atase empat tujuh ae kakean model!” Boy esmosi maneh. Untung Angga cepet-cepet nemplekno es teh nang dhodhone maneh.
“Tuh, kan dewan juri yang adil dan tersohor…ike dikatain empat tujuh. Doi menghina ike lagi.
“Empat tujuh itu apa?” takok juri karo bingung.
“Oalah…dewan jurine gak tau tombok togel. Empat tujuh itu kalau togel gambarnya orang banci,” jare arek-arek.
“Sudah…sudah…ayo Yance, kamu jangan ngambek lagi…Boy juga, jangan emosi lagi. Sini tangannya, ayo wawo. Gak oleh eker-ekeran maneh,” jare jurine ambek nggathukno tangane Mas Yance karo Boy.

***

Boy gak ngiro nek de’e katut nang grand final. Angga ambek Anya yo katut pisan. Acarane nang hotel Shangri La, disiarno live karo tivi lokal ambek interlokal pisan. Kabeh peserta nggawe kebaya ambek kudung, trus sing lanang yo nggawe batik ambek nggawe beskap trus ndhase dibebet udheng gawe klambi adate.
“Buk…niki lo, acara final Cak Ning disiarno teng tivi. Mengke lak wonten Mas Boy disoting,” jare Yu Mi
“Iyo ta Mi? sik…sik… tak telpone ibuk-ibuk arisan cek nontok Boy mlebu tivi. Anakku gitu lo…” jare Umik.
“Cepetan Buk, niki lo Mas Angga pun disoting,” jare Yu Mi.
Angga maju nang podium trus ngenalno awake dhewe.
“Good evening ladies and gentlemen, my name is Angga, I was born in Surabaya twenty years ago. Now I am a student in Karang Menjangan University majoring in management. I like music and sport, especially basketball. Thank’s for the time given to me, good evening,” Angga lancar ngomonge gak ndhredheg blas.
“Bahasa Belandane Mas Angga hebat nggih Buk…Mas Boy mosok saget… Misuh thok isoke. Faseh,” enyek Yu Mi.
“Ojok nyocot ae cangkemmu, Mi!” sentak Umik.
“Niru mboke…”jare Yu Mi kalem wedi krungu Umik.
Mari ngono Angga dikongkon nunjukno keahliane, nggowo gitar listrik nang panggung, terus main instrumental melodi lagune Dewa 19. penonton langsung keplok-keplok kabeh.
“Hebat nggih, Buk, gitarane Mas Angga. Mas Boy lo, paling get nyekel ecek-ecek, mosok entos gitaran.”
“Tak tampek temen lambemu lo, Mi, nek sik nyocot ae!”
“Opo maneh mboke…isoke ngomel thok…”jare Yu Mi kalem.
Wayahe Anya maju, de’e nunjukno keahliane. Nggowo sampur karo nari gambyong nang ndukur kendi. Penonton langsung tepuk tangan kabeh ambek suit-suit.
“Ayune…Mbak Anya…tariane apik, nggih Buk. Gerakane isok lemah gemulai koyok merak. Mas Boy mosok isok. Iyo nek joget ndangdutan, pinter de’e…” Yu Mi protes ae.
Klethak!!! “Aduh!!! Buk, kok kulo sampean sawat asbak se, loro niki lo ndhas kulo,” Yu Mi nggoceki ndhase sing menthol.
“Bah, pethal lak yo wis. Lha koen nyocot ae kit mau. Nek gak ngono gak mingkem lambemu!” Umik wis gregeten.
“Juragan sadis…KPRT. Kekerasan Pembantu Rumah Tangga!”
“Sebagai seorang perempuan, seandainya anda menjadi walikota Surabaya, apakah anda setuju dengan adanya lokalisasi Dolly? Apa tidak seharusnya ditutup saja?” takok juri nang Anya.
“Saya pikir kita harus cermat dalam hal ini. Eksitensi dolly bagaikan dua sisi mata uang yang dilematis. Di satu sisi adalah demoralisasi penduduk sekitar, namun di sisi lain adalah sumber penghasilan bagi banyak orang. Jadi menurut saya sebaiknya fungsi lokalisasi harus dikembalikan ke asalnya. Bahwa lokalisasi itu harus terisolir dari masyarakat luas. Jadi, saran saya, gak usah ditutup, tapi dipindahkan ke tempat yang jauh dari penduduk. Trus dipagar yang tinggi, dan diawasi dengan ketat siapa saja yang boleh masuk kesana. Baik PSKnya, penjual makanan, mucikari, atau siapa saja. Tidak seperti sekarang ini, anak kecil berangkat ngaji atau pulang sekolah saja bisa lihat dengan leluasa paha dengan rok mini yang diangkat tinggi-tinggi untuk menarik lelaki hidung belang,” jelas Anya.
Mari iklan nang tivi, gilirane Boy diceluk munggah panggung. Klambine dipasangi mikrophone wireless, dadi gak perlu nggawe mike maneh nang panggung. Tekok ngisor Mas Yance wis mecicil ae karo wanti-wanti cek Boy mlakune koyok sing diajarno de’e, gak mekekeh-mekekeh. Boy gupuh ae dipecicili koyok ngono.
Ayo mlaku, cepetan! Mas Yance ngekeki isyarat cek Boy cepet maju nang podium.
Boy maju ambek gupuh ngatur mlakune soale nggawe sewek. Apes, sik tas rong jangkah, sikile kecantol kabel sound system band sing sliweran. “Gedebug!!!” Boy tibo nyosop, ndhase ketatap jagrake gitar listrik. Penonton ngguyu kabeh ndelok kedadian iku.
“Jancuk…asu…picek matane be’e sing noto sound system iki, kabel sliweran koyok ngene dijarno ae!’ swarane Boy banter krungu nang salon. De’e gak sadar nek klambine dipasangi mikrophone. Penonton tambah ngguyu kekel ndelok Boy misuh-misuh. Mas Yance isin, ngamuk-ngamuk…sikile mancal-mancal njejeki kursi nang ngarepe.
“Krune goblok ancene, masang kabel ae gak enthos. Cuk, loro cangkemku ketatap jagrak!” Penonton tambah kekel ngguyune.
Boy ngadeg maneh karo ndeloki Mas Yance sing njambaki rambute dewe gara-gara stres.
“Lho, mas jarike suwek…yok opo iki…diterusno ta ganti disek?” Boy takok nang Mas Yance. Ancene goblok arek iku de’e gak sadar nek suarane mlebu nang salon. Disiarno live pisan. Penonton tambah ngakak. Mas Yance sing njaluk tambahan infuse.
Boy maju nang tengah ambek nggoceki jarike sing suwek. Cangkeme sik misuh-misuh gak jelas.Tivi sing nyiarno live, langsung nampilno iklan, onok sing nyiarno alasan gangguan teknis. Onok sing langsung nyiarno acara binatang-binatang, padahal duduk jam tayange. Onok sing langsung nyiarno siaran ulang Persebaya lawan Arema tahun 2006. TVRI langsung nyiarno dunia dalam berita, padahal sik jam wolu bengi.
“Yok nopo sih, Buk, Mas Boy niku…athik sampean wis kadung telpon ibu-ibu arisan pisan,” Yu Mi mulai adu-adu.
“Wis, koen ojok kakean cangkem. Boy iku ancene… huh… nggregetno. Ngisin-isini ancene!” Umik nyawat Yu Mi remote tivi.
“Oke, gak papa. Yang itu tadi adalah kecelakaan yang bisa saja terjadi pada siapa saja dan kapan saja. Sekarang coba kamu tunjukkan bakat kamu,” jare dewan juri.
Boy gak isok konsentrasi blas, gara-gara kedadian mau. Otake blank (asline yo gak onok isine). De’e lali ate nampilno opo.
Maaf, saya agak blank… eh, gini aja, saya mau nyanyi saja lah daripada pusing…Boy langsung nyanyi, “Garuda Pancasila… akulah pendukungmu… patriot proklamasi…” koyok arek SD, cuk.
Angga ambek Anya ngguyu kekel. Asu! Ancene arek gendeng Boy iki, batine.
“Prihatin bangsaku…tidak maju-maju..tidak maju-maju…tidak maju-maju.…” Penonton ngguyu ngakak ndelok kelakuane Boy sing koyok asu iku.
“Sudah…sudah… mendingan kamu melawak saja. Kayaknya kamu ada bakat jadi pelawak, bukan penyanyi,” saran jurine.
“Gini aja, dewan juri tak kasih tebakan. Penonton pisan…nek isok njawab takkeki satus ewu. Yok opo?” tantang Boy.
“Oke, apa tebakannya?” jare juri barengan.
“Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok?”
Penonton rame kabeh nyobak njawab pertanyaane Boy.
“Ayo…mosok sakmene akehe gak onok sing isok… Ayo pak walikota…ikut njawab, kalo bisa tak tambahi jadi rongatus ewu… Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok…”
Dewan juri karo Penonton nyobak njawab tapi, gak onok sing isok. “Kathok…kathok… nyerah…” jare penonton.
“Jawabane, nek sepeda montor wedok iku dikumpo dhisek, baru ditumpaki… Lha nek wong wedok… ditumpaki dhisek baru..”
“DIKUMPO!!” jare penonton barengan ambek ngguyu. Dewan juri ngguyu thok ae ndelok kelakuane asu iku. “Ayo…yang terakhir, coba kamu buat pantun atau parikan!”
“Ngombe jamu gelase bathok..” jare Boy.
“Opo artine?” takok jurine.
“Jurine lemu hak isok ndhodhok,” jawab Boy.
Ha…ha…ha… juri sing loro ngguyu juri nang pojok sing ancene lemu. Juri sing lemu mrengut ae.
“Bo abo nak-kanak…” tambah Boy.
“Artine?” takok penonton.
“Juri sing kribo ambune sengak,” saut Boy.
Ha…ha…ha… ganti juri sing lemu ngguyu juri sing rambute kribo.
“Sampun nggih…kecap santen toya kelopo… yu painten ketiban cendelo…cekap semanten parikan kulo… tiyang nggantheng niki nyuwun ngapuro,” jare Boy terus mudhun panggung.

Sakwise kabeh finalis dites nang panggung, saiki wayahe pengumuman sopo sing dadi pemenang Cak dan Ning Suroboyo. Kabeh finalis munggah panggung maneh. Cak karo Ning Suroboyo tahun wingi yo melok munggah ambek nggowo selempang gawe pemenange. Mari ngono diumumno pemenang miss congineality, terus cak persahabatan, ning berbakat, ning favorit, dan lain-lain.
“Pemenang Cak dan Ning Surabaya tahun ini adalah… Cak Angga dan Ning Anya…..” penonton tepuk tangan kabeh, “Hadiah yang akan diterima adalah trophy bergilir, uang tunai, dan tiket wisata ke Bali pp…”
Kabeh royokan ngerangkul ambek nyalami Anya karo Angga. Mas Yance pisan…sok berjasa…
“Berikutnya yang terakhir untuk Cak favorit pilihan pemirsa, dengan sms terbanyak adalah….Cak…Booooooy…….” jare mc. Wong-wong nggoleki Boy…nang endi arek iki. Angga tolah-toleh, dipikir Boy nang panggung pisan. Tibake asu iku lagi mangan sego kotakan nang pojokan. Ancene kemalan badhogan temen.
“Sik…diluk…wetengku luwe, cuk!” jare Boy ambek mlayu munggah panggung. Kesusu-susu mlayu, lali nek nggawe jarik…nang ndukur panggung kesrimpet maneh sikile. “Brak!!”…Boy nyosop nibani Mas Yance sing lagi ngatur posisi nang pinggire panggung persis. Mas Yance kesurung njungkel tibo tekok ndukur panggung nang ngarepe dewan juri. Lumayan yo…dukure panggung ae sekitar sak meter setengah.
“Aduh…aduh…setan itu gak ada brentinya nyiksa ike… tolong ike diinfus…jauhkan ike dari syetan yang terejam itu,” jare Mas Yance, terus semaput…dalam kedamaian.

***

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 2

KEMPING MEMBAWA BERKAH

Arek-arek mahasiswa anyar koncone Boy sak jurusan siap-siap ate budhal ospek jurusan. Rencanane ate kemping nang Coban Rondo. Kabeh kudu melok, soale nek gak melok engkok di-DO (mosok, se?). Mangkane kabeh kumpul sore iki nang parkiran sebelahe mesjid. Wis onok telung trek tentara sing disiapno gawe ngangkut arek kabeh.

“Perhatian…truk satu dan dua untuk maba cewek, truk tiga untuk maba cowok. Dilarang campur cowok dan cewek dalam satu truk!” mahasiswa senior bengok-bengok nggawe megaphone.
“Walah…mosok lungguh bareng nang trek ae isok meteng, cak?” saut Boy.
“Siapa itu tadi yang ngomong?” Awas, jangan celometan, ya? Kalau gak mau, silakan naik angkutan lain aja, gak usah protes!” jare senior.
“Asiik…, ayo Ngga, numpak mobilmu ae, jarene mas iku dikongkon numpak angkutan lain,” ajak Boy nang Angga.
“Sik, Boy…barang-barange awake dewe wis mlebu nang nggone trek, yok opo iki?” takok Soni.
“Yo jupuken, cuk, mosok ngongkon Bibikmu njupuk?” sentak Boy.
Soni cepet-cepet njupuki tase de’e, Boy, Angga, karo Kosim, trus dilebokno nang Nissan X-Trail-e Angga.
“Ayo, Sim, kon melok gak? Ngowo thok ae koyok kobokan cangkemmu!” Boy nyentak Kosim sing lholhak-lholhok.

***

Jam papat sore rombongan mahasiswa iku budhal dilepas Pak Joko, wakile kampus.
“Bapak harap, kalian sebagai generasi muda penerus perjuangan bangsa dapat terus memelihara rasa cinta dan bangga terhadap tanah air, seperti apa yang telah dicontohkan para pahlawan pendahulu kita yang telah gugur mendahului kita tanpa pamrih…” jare Pak Joko ambek nangis srenggukan.
“Wong gendeng,” jare arek-arek gak ngereken.
“Sampean iku ngekeki sambutan ta upacara tujuhbelasan,” jare Boy gregeten.
Iring-iringan iku langsung budhal, ninggalno Pak Joko sing sik ngecemes ae lambene ambek nangis-nangis gak jelas.
“Jare budhal tibake teko,” Soni moco pantun.
“Opo artine?” takok Angga ambek ngegas mobile.
“Selamat tinggal Pak Joko…”saut Soni karo dhadha.
Arek-arek ngguyu ngakak…

Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg.
“Tretan, mandheg disek, yo,” jarene.
“Lapo, kebelet nguyuh ta?” takok Soni.
“Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo,” jaluk Kosim.
“Jancuk…Ndeso iki… gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki!” jare Boy.
Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit.
“Nggondhok koyok kodhok…,” gudho Boy.
“Nesu koyok asu…” tambah Soni.
“Purik koyok kirik…” saut Angga
“Ha…ha…ha…” arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu.

Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele.
“Eh, rek…gak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan,” jare Soni.
“Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki!” tolak Boy.
“Walah…murah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno,” jelas Soni.
“Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku…, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak!” sentak Boy.
“Iyo, Soni iki…Engkok nggarai mobilku apes ae, ojok…ojok!” jare Angga.
“Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek!” Soni sik mekso.
“Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae!” sentak Boy.
Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. “Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono,” batine de’e.
Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon…
“Nggondhok koyok kodhok…,” moro-moro Kosim muni.
Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu.
“Nesu koyok asu…,” tambah Kosim koyok gak duwe duso.
Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune.
“Purik koyok kirik…!” jare Boy ambek Angga barengan.
“Ha…ha…ha…!”
“Jancuk…asu…koen nyemoni aku yo…” Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel.
“Aduh…aduh…ampun, Son, ampun…guyon…” Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni.
“Ha…ha…ha…!”

***

Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior.
“Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo?” takok Angga.
“Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kok…Tasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu,” jare Soni.
“Kon keliru njupuk be’e, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son!” Angga ketok jengkel.
“Waduh, iyo, Ngga, sepurane yo…Soale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru.”
“Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno,” jare Boy.
Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter.
“Perhatian…perhatian…kepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai!”
Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken.
Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke.
“Perhatian…kepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain.”
“Ngga, cepetan jupuke tase areke,” jare Boy.
“Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu,” jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono de’e maju ngekekno tase nang senior.
“Itu bener tasmu? Namamu Anya?” takok seniore.
“Iya, mas…Itu tas saya,” jare Anya karo mrengut.
“Oalah, rek…rek…, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru,” jare senior iku maneh.
“Ha…ha…ha…” wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin.
“Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus!” jare senior.
Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.”Waduh,”jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambut…Anya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange.
“Sini, takbantu,” jare Angga karo ndhodhok.
“Gak usah!” tolak Anya.
Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. “Opo iki?” batine…”Hi…softex!” bengok Angga karo nguncalno barang iku.
“Lho, softexe ngglundhung!” bengok Boy.
Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga.
“Mbak…roti kempite keri lo…!” jare arek-arek.
“Ha…ha…ha…” suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek.

Arek-arek kabeh antri mangan bengi nang mejo dowo ngarepe tenda senior. Pas ndelok panganane, Boy langsung kaget bin curiga. Ojok-ojok iki masakane…
“Ayo, antri…antri…gak usah royokan, sik akeh kok,” moro-moro Mbak Pat metu tekok tenda ambek nggowo enthong.
“Jancuk…bener kan perkiraanku. Asu…nang kampus mangane Mbak Pat, nang kene mangane Mbak Pat pisan. Gak onok katering liane, ta?” takok Boy.
“Gak usah kakean cangkem, mbadhog ta gak?” Mbak Pat jual mahal.
“Mangan, cuk! Timbangane kaliren gak onok sing dibadhog!” Boy rodok mangkel, tapi yo tetep njupuk sego.

Mari mangan acarane istirahat. Angga mbisiki Boy,”Boy, aku gak enak ambek Anya, ketokane areke sing ngamuk. Terno po’o, aku ate njaluk sepuro.”
“Ayo, engkok njaluk tulung Prita ae. De’e kan koncone Anya,” Boy langsung tangi.
Arek loro iku langsung nang nggone tendane arek wedok. Boy langsung nyeluki Prita.
“Prit…Prita…kamu belum tidur kan…” Boy bisik-bisik nang pinggire Tenda, ndelik nang mburine uwit, wedi ketok senior.
“Belum…siapa, tu?” takok Prita tekok njero kemah.
“Aku, Boy…kamu keluar bentar ya, ada perlu penting nih.”
Prita metu tenda ambek tolah toleh, soale peteng. Boy langsung methuki ambek Angga.
“Ini, lo, Prit…Angga mau minta maaf sama Anya. Dia gak bisa tidur kalo belum minta maaf katanya. Kamu panggilin Anya, dong,” jare Boy.
“Ya udah, gua coba ajak dia keluar ya, tunggu bentar.”
Prita ngrayu Anya cek gelem metu. Tapi Anya gak gelem. Akhire Prita nyerah.
“Boy, Anya nggak mau tuh. Besok aja ya Ngga, ntar aku rayu dia lagi deh biar mau maafin kamu…” jare Prita. Tapi Angga gak gelem. De’e langsung mbengok
“Anya…aku mau minta maaf sama kamu. Kamu keluar dong!” Angga mbengoki tekok njobo.
“Aduh…siapa sih itu teriak-teriak di luar!” jare mbak senior tekok njero tenda.
“Anya, aku serius, nih…Kalo kamu gak mau keluar, biar aku yang masuk!” Angga rodok esmosi.
“Ngga…Ngga…ojok gendeng koen!” Boy nggoceki tangane Angga. Tapi telat, Angga wis nekat mlebu tendane arek wedhok. Boy ketarik mlebu pisan.
“Aaaa….ada cowok…keluar…keluar…!” mbak senior sing lagi ganti klambi jerit-jerit ambek nutupi dhodhone sing kutangan thok karo selimut. “Kurang ajar, gak duwe aturan…Tolong…!”
Spontan suasana dadi rame. Senior lanang-lanang langsung teko ambek ngamuk-ngamuk.
“Onok opo iki?” jare Mas Bayu, ketuane senior. ”Arek loro iki maneh!”
“Arek loro iki kurang ajar, mas! Masuk tenda cewek malam gini!” jare arek sing ganti klambi mau.
“Iya…tolong…mereka mau memperkosa saya. Mereka mau merampas kesucian saya…” jare Mbak Pat ambek nutupi wajahe.
“Cuk…sampean lo wis gak prawan…” sentak Boy.
“Sudah, sudah! Kalian berdua dihukum gak boleh tidur di tenda. Kalian harus tidur di lapangan dekat api unggun. Titik!” hukum Mas Bayu.
Angga ambek Boy dikeler metu tenda koyok tahanan Medaeng. Melas, cak…
“Alhamdulillah…untung kesucianku tetap terjaga,” jare Mbak Pat cuek. Cewek-cewek langsung kudu mutah kabeh.

Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang.
“Ealah, Sim… mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh…tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha…”
“Cuk…iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!” Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae.

Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, ”Ayo, metu! Kon iki mokong yo…Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!”
Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget.
“Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,” Kosim alasan.
“Iya, Mas…saya lho gak ikutan minum,” jare Soni.
“Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!”
Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. “Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!”
“Anak-anak jaman sekarang itu ya…,” Mbak Pat manas-manasi, “Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,” jarene.
“Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,” batine Boy, “Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!”
“Opo’o Boy?” takok Angga.
“Gak…gak po-po…” jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,”Oh…sik onok barange…”

Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak…Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan.
Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono.
“Lho, Prita, ngapain kamu?” takok Boy.
“Ssssstt…ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya…” jare Prita.
“Kalian nggak pake selimut?” takok Boy.
“Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya…, ayo semuanya…”
“Wenake rek…nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po’o” jare Soni.
“Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,” jare Boy.
“Cuk…gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki…Ayo sayang, kene tak keloni,” jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior.

Isuk wis teko, srengengene wis mlethek.
“Ayo, tangi-tangi!” Boy digugah senior, “Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!”
Boy angop ambek mullet,”Wuuaahh…wis isuk rek, weteng luwe pisan.” Jarene.
“Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!” Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone.
Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda.
“Boy nang endi Son?” takok Angga.
“Emboh, ngising paling…”jawab Soni sak kecekele.

Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan.
“Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu,” jare Prita.
“Enggak…nih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi!”
“Iya…iya…makasih ya Boy!”

Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan.
“Ngising nang endi, koen?” takok Soni.
“Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu!”
“Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy!” jare Soni ambek njupuk sego bungkusane.
“Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek,” jare Boy.
“Arappa?” takok Kosim.
“Wis, ta, ojok nyocot ae!”

***

Jam wolu pas, acara sarapan dimulai. Kabeh oleh jatah sego bungkusan. Pas mari mangan moro-moro akeh sing wetenge loro, embuh kenek opo.
“Mas, perutku sakit…,”jare arek-arek.
“Iya, mas, jadi kebelet be’ol nih,” jare liane.
“Iya, ada apa dengan makanannya nih, perutku juga mules,” jare Mas Bayu.
“Makanannya mungkin, Mas. Mungkin masaknya kurang higienis,” jare Boy, “Sopo sih sing masak?”
“Mbak Pat,” jare arek-arek.
“Mbak Pat disuruh masak…Emangnya dia tau expired date itu apa, higienis itu apa…Nggak nyalahin Mas, kalo sekarang banyak anak-anak yang rebutan ke toilet,” jare Boy.
“Ya ampuun, sumpah, aku juga gak ngerti kenapa jadi begini,” Mbak Pat setengah nangis ndelok akeh arek sing kecirit-cirit.
“Mangkane ta, Mbak Pat nek mari ogok-ogok upil iku tangane diwisuhi…ojok langsung digawe masak,” nasehat Boy.
“Iyo…nek mari garuk-garuk daerah sensitif iku tangane dicuci bersih dulu…” tambah Soni.
“Iyo…nek masak ojok dicampuri minuman keras!” jare Kosim sing sik loro ati bir iteme ditenggak Mbak Pat.
Mbak Pat nangis karo mancal-mancal. De’e stress bengok-bengok.
“Gak usah nangis…tambah elek,” Boy cekikikan karo Soni.
“Iyo, tambah mirip karo bedhes Coban Rondo!”

Boy ngajak Angga marani Prita ambek Anya. Soni wis ucul dewe karo Kosim nggolek nggon gae mendem.
“Prit, daripada disini ngeliat orang-orang sibuk rebutan toilet, kita pergi ke air terjun yuk?” ajak Boy.
“Iya, ayo Anya, aku juga bingung kok tiba-tiba banyak orang sakit perut ya,” jare Prita. “Tempatnya jauh nggak Boy?”
“Enggak, kok…jalan kaki paling sepuluh menit,” jare Boy.

Arek papat iku mlaku mudhun nang air terjun Coban Rondo. Selama perjalanan wis nemoni wong papat sing bingung golek nggon ngising nang semak-semak.
“Ngapain mas jongkok di situ?” takok Boy.
“Eh…lagi nyariin hape…tadi jatuh di sini,” jare mas senior.
“Nyariin hape kok cuma jongkok di situ, mana bisa ketemu!”

Boy, Angga, Prita, karo Anya mlaku terus nang air terjun.
“Itu, Boy, air terjunnya kelihatan!” bengok Prita.
“Ayo kita dulu-duluan ke sana, yang kalah gendong ya!” jare Boy ambek mlayu.
“Boy…kamu curang!” Prita melok mlayu pisan nguber Boy.
Garek Angga ambek Anya thok mlaku kalem-kalem nang mburi.
“Koyoke arek loro iku cocok nek pacaran, yo Nya?” takok Angga.
“Hus! Prita lo wis duwe pacar. Pacare polisi, lo Ngga!” jare Anya.
“Iyo, ta? Tak pikir Prita iku sik durung duwe pacar, tibake pacare polisi,” Jare Angga. “Nek koen Nya, wis duwe?”
Anya meneng ae. Trus ndhase gedheg-gedheg.
“Nek Boy…wis duwe pacar durung, Ngga?” takok Anya.
“Durung nduwe…Emboh Boy iku, padahal raine lak ngganteng, mesti akeh cewek-cewek sing seneng karo de’e. Gak koyok aku,” jare Angga setengah putus asa. (Janciik…Boy ae diwara ngganteng, nek jare mirip Christian Sugiono iku lak jarene de’e dewe. Asline lo luwih mirip Chris John.)
“Opo’o koen?” takok Anya.
“Raiku lo gak masuk itungan blas,” jare Angga.
“Jare sopo…koen lo Ngga luwih dhukur timbang Boy, luwih atletis, gak kakean model, rupamu yo mirip Afgan…”
“Koco motone thok!” saut Angga.
“Nggak, maksudku…kan gak setiap cewek suka type cowok yang sama, Ngga,” jelas Anya.
“Lha nek dikongkon milih aku opo Boy, koen seneng sopo?” takok Angga.
Anya langsung mandheg. Kaget ditakoki Angga koyok ngono.
“Koen luwih seneng Boy, kan?” takok Angga.
“Enggak…Boy lo kelakuanae koyok wong gendeng… sunggoko jare aku, yo mendingan koen,” jare Anya.
“Maksudmu koen seneng karo aku?” takok Angga.
“Gak ngono, maksude nek dikongkon milih, aku ancen milih koen, tapi gak berarti aku gelem…”
“Gak perlu dijawab saiki, kok, Nya,” jare Angga ambek mencolot njabut kembang nang pinggir kali.
“Gak popo kembang iki takdeleh nang rambutmu?” takok Angga.
Anya mesem thok karo manthuk.
“Hayo…pacaran yo!” getak Boy karo Prita tekok mburi. Klambine arek loro iku teles kebes kabeh, paling mari sirat-siratan banyu nang air terjun.
“Iya, nih…pake acara nyelipin kembang di rambut segala. Romantis banget kayak sinetron kejar tayang,” jare Prita.
Angga ambek Anya kisinan, cumak mesam-mesem thok koyok maling konangan nyolong. Moro-moro Boy mencolot nang kali njupuk kembang pisan, ate dikekno Prita karepe.
“Prit, tak taruh di rambutmu ya, kamu pasti cantik,” jare Boy ambek ndeleh kembang, tapi tangane langsung disampluk Prita. Kembange tibo nang kali terus kintir kegowo banyu kali sing bening. Boy meneng ae ambek ndeloki kembang sing kintir iku. Terus de’e ndeloki Prita. Prita cumak ndingkluk ae gak wani ndelok motone Boy.
“Aku tau Prit…,” jare Boy.
“Tau apa, Boy?”
“Polisi itu kan,” jare Boy.
“Kamu sudah tau, Boy?” takok Rita lirih.
“Ya wis…ayo kita kembali ke kemah, pasti sudah ditunggu yang lain,” jare Boy ambek mlayu banter ninggalno arek telu iku.
“Boy!” Prita mbengoki Boy. Raine ketok mbrabak. Tapi Boy wis mlayu adoh ninggalno kabeh.
“Sudahlah…ayo, Prit,” jare Anya ambek ngerangkul Prita mbalik nang kemah.

***

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 1

hai tweps...
ane dapet cerita keren dari sini ,ceritanya suroboyoan abis , bikin ngakak sampe lupa kerja :D . :2thumbs: buat cak peno yang bisa bawa suasana si pembaca
dan ane masih penasaran itu gimana penampakan si Boy[o], Kosim, Mbak Pat dll

langsung aja ke ceritanya.cekidot
happy reading all...

---------------------------------------------------------------------------------

Dino iki Boy mlebu kuliah pertama kaline. Kit mau macak nang ngarepe koco ndek kamare gak mari-mari. Mekitik ancene, atase pertama kuliah ae, gayane koyok yok-yok-o.

“Cuk, ancene ngganteng aku iki tibake,” jarene de’e dhewe, ambek ngelus-elus rambute. Koyok asu! Ngelem awake dhewe…
“Bah…Mik…aku budhal, salamlekom…!” pamite nang Abah ambek Umik.
“Iyo, le…,” saut Umik, “Bah, dipamiti anakmu iko lo…mbidheg ae!”
“Boyo iku nek budhal gak tau… pamit wong tuwane,” jare Abah.
“Iko lo..areke sik tas pamit!” sentak Umik.
“Wong pamit garek cangkeme mangap ae opo angele, se?” jare Abah maneh.
“Oalah…ancene budheg! Percuma ae ngomong sampek lambe mrongos, kono gak krungu opo-opo!” sambat Umik, “Wis, emboh tak nang salon ae, manicure pedicure…”

***

Boy markir Tigere nang ngisore wit sono ngarepe fakultas ekonomi. Arek iku sik tas ketrimo nang jurusan manajemen Universitas Karang Menjangan nang Suroboyo. Terkenal lo universitas iku. Mangkane de’e guaya saiki.

Kelas wis dimulai, Boy sik tas mlebu ruangan. Arek sakkelas ndeloki kabeh. Dosene opo maneh, ndeloki ambek mecucu cangkeme.
“Oalah mas…hari pertama kuliah sudah telat. Sana duduk!” sentak dosene.
“Duduk dimana, Pak?” takok Boy.
“Nang kene lo…”jare dosene karo nduding bolongane irunge. “Terserah kamu mau duduk di mana.”
Boy langsung lungguh nggolek kursi sing kosong.
“Nama saya Joko, kalian boleh panggil saya Pak Joko. Saya mengajar mata kuliah Pengantar Bisnis,” jare dosen iku. “Sekarang saya ingin kenal dengan kalian juga. Ayo, yang tadi telat, siapa nama kamu?”
“Saya, ta Pak?” takok Boy ambek tolah toleh kiwo tengen.
“Iya, yang telat kan kamu!” Pak Joko rodok emosi jiwa.
“Lho, yang lain gak ada yang telat, ta? Masak cumak saya?”
“IYA, KAMU THOK YANG TELAT!” Pak Joko wis muntap.
“Ya sudah…Saya akan mulai…maaf, saya tadi disuruh apa?”
“Perkenalkan dirimu, cuuuk…..!” Pak Joko njambaki rambute dhewe, stres de’e ndelok kelakuane Boy.
“Nama saya Boyo, tapi panggil aja Boy. Sebenarnya nama saya Prabowo, tapi gara-gara petugas yang nyatat akte kelahiran saya itu guoblok, kliru nulis Praboyo di akte, akhirnya rapot saya pas SD sampe ijazah SMA saya ya pakek nama Praboyo. Padahal sumpah, nama asli saya itu Prabowo, kalo gak percaya tanya aja sama Abah atau Umik saya,” jare Boy panjang lebar.
“Bah boyo, bah bajul, bah nyambek, urusanmu, cuk!” Pak Joko mulai ngomong karo nyekeli ndhase, ”Ndak tau, tiba-tiba hari ini saya gak mood ngajar…Gini aja untuk bab satu ini kalian saya beri tugas buat ringkasannya, dibuat satu kelompok dua orang. Nomer absen satu dengan nomer absen dua, tiga dengan empat, dan seterusnya. Minggu depan dikumpulkan!”
“Dikumpulkan dimana, Pak?” takok Boy.
“Nang kene lo…” Pak Joko nduding bolongane irunge maneh.
“Lho, kuliah sudah selesai, ta?” takok Boy.
Pak Joko gak njawab, cumak ngombe banyu putih, trus nyumet rokok ambek metu ruangan. Cangkeme sik mecucu ae.

***

Boy nyangklong tase metu nang nggone kantin. Ate moleh yo males, engkok onok kuliah maneh jam siji awan. Nang kantin ae wis.
“Bulik, mangane opo?” takok Boy nang Bu Kantin.
“Bulik mattamu yo…Kapan kawin ambek Paklikmu?” semprot bakule. Jenenge Mbak Pat.
“Kerenge…Wis gak ayu…jahat pisan,”jare Boy.
“Babah ta, masio gak ayu sing penting lak wis payu,” jare Mbak Pat.
“Endel! Mangane opo ae? wetengku wis kaliren iki lo, cuk!”
“Pecel, rawon, lodeh,” saut Mbak Pat.
“Ndeso, cuk! Iki lho kantin fakultas ekonomi universitas paling get sak-Suroboyo, dodolane kok gak keren blas,” jare Boy.
“Nyocot ae! Mangan ta gak?” Mbak Pat mulai gregeten.
“Yo wis, sego pecel dikeki duduh rawon, gak athek kangkung, sambele pinggirno, peyek kacang ae, iwake empal, kek-ono bali tahu, segone tambahono, cuk!” Boy mulai rewel.
“Tak banting temen piring iki,” Mbak Pat ancang-ancang ate mbanting piring nang tangane, “Garek mbadhog ae rewele koyok prawan ate manak!”
“Ngombene es teh, ojok legi-legi, es batune thithik ae, gak usah sedotan.”
“CUK!” Mbak Pat stress.

Moro-moro tekok mburi pundhake Boy dijawil wong.
“Eh, jaran!” Boy kaget terus noleh nang sing njawil de’e. Arek iku ancen koyok asu, kagetan, latah pisan.
“Eh, maaf, nama kamu Boyo kan? Praboyo kan?” takok arek wedok sing njawil Boy mau.
“Iya, bener, tapi panggil aku Boy aja. Kok tau nama saya? Wah, resiko jadi orang ngganteng ya, baru pertama masuk kuliah, wis terkenal,” Boy mulai mekitik.
“Rai Gedheg,” gremeng Mbak Pat.
“Enggak, aku lihat nama kamu di absensi, kita satu kelompok buat tugasnya Pak Joko. Eh, iya, namaku Prita,” jare cewek iku ambek ngekekno tangane ngajak kenalan.
“Boy,” jare Boy ambek nyaut tangane cewek iku. “Cuk, tangane alus, cak!” batine Boy.
“Wis, ojok suwi-suwi salamane…Kesempatan…”jare Mbak Pat.
“Boy, kalau mau ke Hotel Garden Palace naik angkot yang mana ya?” takok Prita.
“Lapo, eh ngapain ke hotel?” Boy mikir macem-macem. Mosok sik tas kenal wis ngajak check-in? Resiko wong ngganteng, pikire…Areke ayu pisan. Boy wis kemrengseng, nggoceki slerekane.
“Enggak…aku kan dari Bandung, di sini belum dapet kos-kosan. Jadi sementara ini tinggal di hotel dulu. Naik jurusan mana ya Boy?”
“O…Tak pikir ate ngajak…Gini aja, gak usah naik angkot, tak anterin aja naik sepeda motorku ya? Sebentar…” Boy mlayu njupuk Tigere.
“Gak usah Boy…!” Prita karepe nolak. Tapi Boy wis mlayu adoh.
“Hati-hati, mbak…Jangan mudah percaya sama orang yang baru kenal. Ini Surabaya, mbak. Kota Buaya!” Mbak Pat mulai menghasut ambek nyuntek duduhe rawon nang sego pecele Boy.
“Ayo…!” bengok Boy tekok Tigere.
“Lho, nggak pake helm, Boy?” takok Prita.
“Gak usah, deket aja kok, lagian Pak Polisi kan Sahabat Anak?”
“Boyo…segomu iki yok opo?” bengok Mbak Pat.
“Gak sido, panganen dhewe!” jare Boy ambek ngegas Tigere banter.
“Asu iku…!” semprot Mbak Pat.

***

Pirang ndino kuliah, Boy wis nduwe konco akeh. Onok sing jenenge Soni, Angga, karo Kosim. Soni iku arek Malang. Senengane mbalonan, ngajak nang Dolly terus…Sampek konco-koncone sumpek kabeh. “Cepitno lawang kono lo, nek sik gatel ae!” jare konco-koncone.
Nek Angga iku arek Suroboyo koyok Boy. Areke dhukur, pinter main basket. Pas SMA biyen jarene tau menang basket trus dikirim nang luar negeri. Asline se yo gak pinter-pinter nemen, wong tuwane ae sing sugih. Dhuwike akeh, cuk!
Sing Kosim iku arek Meduro. Kos nang daerah Gubeng Kertajaya. Senengane mendem. Alcoholic pol. Wong kadang-kadang nek pas kebelet, de’e tuku alkohol 70% nang apotek daerah Dharmawangsa trus diombe dicampur nutrisari. Ancene wong gendeng.
“Nang endi iki, rek? Kuliah maneh engkok jam papat sore, sik suwi,” takok Boy nang konco-koncone.”Mosok nang kantin kene sampek engkok sore? Males, cak! Bakule lo raino gak isok didelok, saking eleke.”
“Nang Dolly ae, Boy, awan ngene sik tutup ta?” takok Soni.
“Cuk, raimu mbalon thok ae. Males-males, budhalo dhewe!” sentak Boy.
“Aku gak onok sepeda, Boy, nyilih Tigermu yo?” rayu Soni.
“Emoh! Engkok tonggoku liwat kono, pas ndelok sepedaku dipikir aku mbalon, matek aku. Mari ngono dikandakno Abahku, tepak wis…gak oleh sangu temen aku,” jare Boy.
“Trus nang endi lo, sik yah mene lo Boy,” takok Angga.
“Nang kantin kene ae lho ambek mangan-mangan jajan,” Mbak Pat melok nyauti, koyok nyaut pemean.
“Nyaut ae gak dijak ngomong!” sentak Boy.
“Ya iya lah, masa ya iya dong. Mulan aja Jamilah bukan Jamidong. Secara gitu loh,” jare Mbak Pat tiru-tiru arek gaul.
“Cuk, wis tuwek ae gayane koyok arek ABG. Ate bongko ae kakean model,” tambah Boy.
“Suka-suka gua dong, Emang Gue Pikirin,” jare Mbak Pat koyok Maia Ratu ambek mbenakno bulu mata palsune sing ate rontok.
“Cangkruk nang nggone Cak-Cuk ae, rek! Nang Dharmawangsa kono lo, cidhek kok,” jare Boy.
“Kenengan napa neka, Boy ( panggonan opo iku, Boy )?” takok Kosim.
“Ojok nggawe boso Meduro ta, cuk! Aku lo gak eruh artine,” jare Boy.
“Artinya tempat apa itu, rek?” jelas Kosim.
“Toko koyok distro ngono, tapi kaose desaine tentang Suroboyo thok. Pokoke lucu-lucu, ngguatheli pol. Suroboyoan temen,” jelas Boy.
“Iyo, aku yo tau tuku ambek adikku nang Balai Pemuda, tulisane Surabaya Kota Pahlawan, tapi gambare Super Hero koyok Superman, Batman, Spiderman. Lucu, cuk!” jare Angga.
“Kon tukuo sing gambare Patung Dolyberty ae Son, cocok! Raimu lak sering nang Doly se, he…he…he…,” Boy ngguyu kemekelen.
(Asline pas bagian iki aku males nulise, soale bermuatan sponsor alias iklan. Tapi yok opo maneh, namanya juga sponsor, ya harus dimuat)

Moro-moro sak durunge arek-arek budhal nang counter-e Cak-Cuk, onok arek wedok nyeluk Boy.
“Boy, kamu mau kemana? Tugasnya Pak Joko udah dikerjain belum? Besok pagi dikumpulin lo, Boy!” bengok Prita.
“Oh, iyo…lali aku, cuk! Dikerjain sekarang aja, mumpung lagi gak ada kuliah, gimana?” takok Boy.
“Ya udah, dikerjain diamana?”
“Di sini saja, mbak…sambil makan-makan jajanan saya,” towo Mbak Pat ambek nyumet rokok nang lambene. “Ada ote-ote, klepon, tempe menjes, petisnya gratis lo.”
“Kita kerjain di perpus aja ya, kamu jangan dekat-dekat dia, ntar ketularan jelek, ayo,” ajak Boy.
“Asu! Raimu lo yo gak ngganteng-ngganteng temen!” amuk Mbak Pat.
“Gak ngganteng yok opo se? Christian Sugiono lo, nek ketemu aku mesti kaget. Pikire, “lho, aku nduwe saudara kembar ta? Kok onok sing persis aku?”
“Saudara kembar dari Hongkong…” Mbak Pat nggak ndelok ambek nyedot rokoke.
“Sik, rek, yo, aku onok perlu iki,” pamit Boy nang arek-arek.
Soni, Angga, karo Kosim cumak ngowo thok.

***

Nang perpustakaan akeh mahasiswa sing lagi diskusi pisan, mboh gak eruh nggarap opo. Sok repot nyathet iki iku. Tapi sing gendaan yo akeh. Alasane sinau, asline yo rempon thok. Boy ambek Prita lungguh dhep-dhepan nang pojok cidhek cendelo. Prita ngetokno kathoke, eh, maksude laptop-e.
“Boy, dikerjainnya langsung di laptop aja, ya. Ntar diprint-nya di rental sekitar kampus, biar besok tinggal dikumpulin aja,” jare Prita karo mbukak kathoke, eh, laptop-e.
“Eh, iya,” jawab Boy. De’e gak konsen nggarap tugas, soale ndeloki wajahe Prita terus ambek mbayangno, Cuk, ayune, irunge mbangir, idepe malik, rambute lurus…Arek iki wis duwe pacar durung yo? Mosok durung-durung wis takok nduwe pacar ta gak? Isin, cak! Koyok wong crongoan ae.
“Boy, mikirin apa, kok bengong aja?” jare Prita.
“Eh, oh, enggak, gak mikirin apa-apa kok,” Boy kisinan dhewe.
“Ini, definisinya menurut buku ini kayaknya terlalu panjang, kita ringkas aja Boy, biar lebih padat.”
“Iya, lebih padat, lebih besar, saya suka,” jawab Boy.
“Maksud lo?” Prita bingung.
“Aduh, maksudku…gak ada maksud apa-apa sih,” Boy ngowo thok.
“Kamu lagi gak konsen ya, Boy?”
“Iya, aku kalo lagi lapar biasanya gak bisa mikir,” alasan Boy.
“Ya udah, aku aja yang ngerjain, tapi kamu yang ngeprint ama buat covernya, ya? Ntar malam ambil di kosanku ya.”
“Oke, nanti takprint di rumahku aja,” jawab Boy langsung mlayu metu, keluwen. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh.
“Eh, sori, alamat kosmu dimana ya? Mosok datang ke kosmu tapi gak tau tempatnya? Sama nomer Hpmu, kali aja aku perlu,” jare Boy.
“Nih,” Prita nulis alamat ambek nomer HPne nang kertas cilik.
“Thanx,” Boy mlayu metu. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh.
“Eh, sori, kamu mau ikut makan gak, aku mau cari makan nih,” ajak Boy.
“Nggak deh Boy, ntar makan di kosan aja,” tolak Prita.
“Ayolah, gak pa-pa. Kamu kan gak pernah makan makanan Surabaya yang aneh-aneh? Sekarang tak ajak wisata kuliner, ayo selak kaliren perutku.”

***

Boy ngejak Prita mangan lontong balap nang daerah Kranggan.
“Kamu gak papa ta, takgonceng naik sepeda motor?” takok Boy.
“Nggak pa-pa, Boy, emang kenapa?”
“Enggak…Surabaya kan panas, gak kayak di Bandung.”
“Iya,sih…Panas banget, tapi gak pa-pa kok Boy.”
“Jelas ae gak po-po, wong digonceng wong ngganteng koyok Christian Sugiono,” batin Boy, mulai metu mekitike. Koyok asu ancene!

Sing dodol lontong balap wonge gendut, lontonge empuk, kecambahe renyah, wenak pokoke. Jarene sih…Pak Bondan sing nang Wisata Kuliner iku tau soting nang kene.
“Ya ini namanya lontong balap, Prit, pake sate kerang, wah tambah sip,” jare Boy ambek njejelno lentho nang cangkemme.
“Sambelnya kok item, Boy?” takok Prita.
“Iyo, soale dicampuri petis. Paklik tambah lonthe, eh lenthone loro!” cangkeme Boy mulai crangapan.
Prita ketokane kaget ambek panganan iki, trus langsung ngombe es degan .
“Gimana, Prit, kamu suka makanan ini, kan? Kamu sudah punya pacar belum? UPPS!” Boy gak sengojo keceplosan ngomong, keselek sampek kecambah nang cangkeme muncrat metu.
“Huk…ehk…,” Prita sing lagi ngombe es degan yo langsung keselek.
“Ups…eh, sori….Waduh….,” Boy salting karepe dewe.
Prita meneng ae ambek ngelapi klambine sing kutahan es degan.
“Eh,… anggep percakapan tadi tidak ada ya, sori Prit…”

***

Sore iku Boy nang kamare kelesetan ambek lenger-lenger. “Cuk, goblok, ancene aku iki, lapo lo mau ngomong koyok ngono. Asu…asu..! Ngene iki lak Prita maleh gak enak maneh.” Boy misuh-misuh karepe dewe, menyesali kegoblokane.
“Yo… Boyo…iki lho onok gethuk tekok Bulik Yatemi. Gelem, gak? Selak dientekno Abahmu lho!Wong iku nggragas, gak isok ndelok panganan nganggur diluk!” bengok Umik tekok meja makan.
“Emoh…Badhogan gethuk ae dipamerno! Ngrusak body! Dientekno Abah lak uwis,” saut Boy.

Umik mlebu kamare Boy trus takok,”Lapo se, kon kok aras-arasen mangan? Onok masalah nang sekolahan ta?”
“Sekolahan…Kampus!…Ndeso!”
“Lha iyo, le…Opo-o? Gurune kereng-kereng ta?”
“Guru…Dosen!…Ndeso!”
“Lha iyo, dosene nek ngekeki ulangan angel-angel ta?” Umik sek mekso SKSD ( sok kenal sok deket)
“Emboh, emboh, Mik…Tambah ngelu ndhasku.”
“Nek ngelu yo ngombe obat, Yo. Sinau sing sregep, engkok nek males gak munggah lo,” nasehat Umik.
“Oalah…Mik…Kuliah iku gak onok gak munggah, Mik!” Boy mulai jengkel.
“Lho, nek males, nek goblok…yo gak diunggahno karo guru, eh dosene.”
“Emboh…Aku metu disek…Salamlekom,” jare Boy langsung nyaut jakete. Ndhase mumet wisan.
“Arek iku ancen angel kandanane. Engkok nek gak munggah temen yok opo,” sambate Umik,”Wis emboh, tak main PS ae.”

***

Boy mlayokno Tigere nang tengah kota. Pas liwat Taman Bungkul kan akeh arek gendaan, de’e eling Prita. Oh, iyo aku lak janji ate njupuk garapan Penis-e Pak Joko (maksude Pengantar Bisnis). Bengi iki diprint, mene isuk dikumpulno.
Langsung ae Tigere digas nang daerah Kertajaya, kosane Prita. Tapi tekok ngarep kosane Prita, Boy kaget, trus ndelik nang mburi wit pelem, wedi ketemon.
Lho, kok onok polisi…Onok grebegan ta? Paling sabu-sabu…opo kumpul kebo. Atau judi togel? Ah, mosok se? Lho, polisine kok ngobrol karo Prita. Ojok-ojok…Prita iku Bandar SS, atau balon? Atau pengepul togel?
Boy pasang mata pasang telinga. Ambegane mlebu irung metu silit, saking ndredhege. De’e pengen eruh lapo kok Prita ditangkep polisi. Tapi kok polisine ijenan gak onok koncone, yo?
Lho, cuk, kok tangane polisi iku nyekel pipine Prita? Lho kok Prita dielus-elus rambute meneng ae…trus diambung bathuke. Boy tambah bingung. Ojok-ojok…
Dengkule Boy moro-moro kemlothak lemes. Njerone ati de’e misuh-misuh.
“Jancuk…”
“Asu…”
“Nggatheli…”

***

Berbagai Jenis Type Prosesor Intel lama & AMD Lama

1. AMD Athlon

Teknologi terbaru, type : Athlon 64 X2 4800+
Product Information :
Clock Speed 2.4 GHz, Dual Core, L2 Cache 2MB, HyperTransport™ FSB up to 2000MHz, Socket 939, (Box)

Keunggulan :
AMD Athlon 64 X2 dual core processor ini memungkinkan melakukan kerja secara Multitasking. Multitasking kini menjadi suatu prasyarat seiring semakin banyaknya hal yang ingin dilakukan end user dengan PC mereka, terutama di wilayah kreasi konten digital dan pemuasan multimedia. Teknologi prosesor dual-core akan mendemonstrasikan manfaat langsung, memungkinkan user untuk menjalankan berbagai program lapar komputasi dan aplikasi di belakang layar seperti sekuriti secara bersamaan tanpa mengalami penurunan kinerja.
Harga : US$ 979

2. AMD Sempron

Teknologi terbaru type : Sempron 3100+
Product Information :
Clock Speed 1.80 GHz, L2 Cache 256KB, HyperTransport™ FSB up to 1600MHz, Socket 754, (Box)

Keunggulan :
Prosesor AMD Sempron™ dirancang untuk pengembangan kebutuhan para pemakai PC bisnis dan rumah sehari-hari. pengolah yang Full-Featured ini dirancang untuk mengirimkan best-in-class capaian untuk masa kini value-conscious para pembeli desktop PCS. Prosesor AMD Sempron™ menyediakan produktivitas yang menambah/mempertinggi capaian yang diperlukan untuk aplikasi sehari-hari. Dengan 35 tahun disain dan pengiriman dan pengalaman pabrikasi lebih dari 240 juta pengolah PC, maka dapat mengharapkan AMD untuk menyediakan solusi dapat dipercaya untuk bisnis atau rumah.
Harga : US$ 105

3. Intel Celeron

Teknologi terbaru dengan type : Celeron D 331
Product Information :
Clock Speed 2.66 GHz, L2 Cache 256KB, FSB 533MHz, Socket LGA775, xD-bit, EM64T (Box)

Keunggulan :
Dengan hardware dan software yang mendukung sistem 64-bit, PC yang menggunakan sistem Intel EM64T dapat memakai memori virtual dan fisik yang lebih besar sehingga penanganan aplikasi-aplikasi besar seperti media digital dapat dilakukan lebih baik. Sistem komputasi Desktop 64-bit juga memungkinkan kinerja lebih cepat, karena kemampuannya memproses lebih banyak di memori utama (RAM), sehingga data yang harus dipindahkan dari dan ke harddisk menjadi lebih sedikit.
Harga : US$ 79

4. Intel Pentium 4

Teknologi terbaru dengan type : Pentium 4 3.2E GHz
Product Information :
Clock Speed 3.2 GHz, L2 Cache 1MB, FSB 800MHz, Socket 478, Hyper-Threading, (Box)

Keunggulan:
Prosesor Intel® Pentium® 4 dirancang untuk memberikan performance superior untuk musik digital, 3D imaging digital dan video, dan lain-lain. Sebagai tambahan, Prosesor Pentium 4 menyediakan fasilitas untuk menangani inovasi pada masa mendatang seperti pengarang DVD dan MPEG4 video.
Harga : US$ 227

5. Intel Xeon

Teknologi terbaru dengan type : Xeon 3.6 GHz Nocona
Product Information :
Clock Speed 3.6 GHz, L2 Cache 1MB, FSB 800MHz, Socket 604, (Box) Keunggulan :
Prosesor ini dirancang untuk dual-processor server dan stasiun-kerja platform. Prosesor Intel® Xeon™ memberikan kebebasan untuk memusatkan lebih pada bisnis, dan membantu memperoleh fleksibilitas lebih besar dan biaya-biaya yang lebih rendah. Prosesor Intel Xeon merupakan inovasi prosesor yang bekerja lebih baik dari inovasi sebelumnya.
Harga : US$ 745


6.intel dual core


intel Dual Core adalah CPU pertama buatan Intel yang menerapkan prinsip dual-core. Prinsip Dual-core menggunakan 2 (dua) ‘core’ dalam sebuah keping (die). Penggunaan dua ‘core’ dalam satu keping ini mengatasi masalah overheating yang ada di Intel Pentium D tanpa mengurangi kinerja-nya. Dalam bbrp referensi, ada yang menyebut Dual Core, ini dengan Core Duo (tanpa angka 2) yang dibuat dengan basis Pentium M (Pentium III-4 hybrid) yang dibuat khusus untuk komputer laptop.

7. intel core 2 duo

Intel Core 2 Duo adalah sebuah mikroprosesor yang dirilis oleh Intel Corporation pada tanggal 27 Juli 2006. Pada saat pengembangannya, prosesor ini memiliki nama kode Conroe dan Allendale.Kinerja prosesor ini menang telak cukup jauh jika dibandingkan dengan prosesor Intel Pentium D seri Presler apalagi Pentium D seri Smithfield yang masih menggunakan mikroarsitektur Intel NetBurst. Jika dibandingkan dengan seterunya, AMD Athlon FX 60, sebuah prosesor Intel Core 2 Duo berkecepatan 2400 MHz mengungguli prosesor tersebut dengan perbedaan kinerja kira-kira 15%. Jika prosesor AMD Athlon FX tersebut di-overclock menjadi 3.4 GHz, prosesor tersebut unggul tipis dibandingkan Core 2 Duo 2400 MHz. Ini berarti prosesor Intel Core 2 Duo jauh lebih efisien dibandingkan dengan pendahulunya dalam rangka mengeksekusi instruksi.

Followers

| Top ↑ |