Tuesday, November 22, 2011

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 4

MINGGAT – MINGGAT – MINGGAT

Boy, Sony, karo Kosim ngowo thok ndeloki omahe Angga sing guedhe iki. Awan iki are-arek ancen niat dolin nang omahe Angga. Omahe rong kapling nang daerah Galaxy, Surabaya Timur. ck ck ck… mobile sampek gak cukup nang garasi. Onok ji, ro, lu, pat, mo, nem, pitu, wolu, songo… “Masak-alah iki omah ta showroom mobil,” pikire Boy.

“Jancuk, omahmu gedhene, Ngga. Koyok omahe Michael Jackson,”jare Sony.
“Sekolah nang ndesoku ae kalah gedhe,” jare Kosim ambek mbayangno sekolahe sing remek kabeh nang Meduro, ngenteni dana tekok SBY.
“Omahe ebesku, duduk omahku,” jare Angga.
“Podho ae,” jare arek-arek.
“Mobil sakmono akehe iku digawe kabeh, Ngga?”
“Iyo, onok sing digawe Papa, Mama, adikku, pembantu.”
“Cuk, babumu lo uripe luwih mulyo timbangane Kosim.”
“Aduh, Nyah…mbok dipasang eskalator mawon timbangane kulo munggah mudhun terus, pegel,” jare babune.
“Leres, Nyah, kados teng Carrefour niku lo…enak… Kamar kulo AC-ne nggih mati Nyah, ongkep nek dalu,” jare babu liyane.
“Asu…kamare babu ae dikeki AC… kos-kosane Kosim po-o, kipas angine sempal kabeh. Isok muter tapi limolas menit thok, trus matek sampek isuk…” jare Boy.
“Ma, iki konco-koncoku kuliah…kenalno rek…iki Mamaku,” jare Angga.
“Oh, iya…saya Mamanya Angga, ini sapa? Boy? Ini Sony… lha ini yang kecil?”
“Kosim, Tante,” jare Kosim.
“Kosim? Koyok nama tukang kebon kita dulu yo Ngga…ayo, Ngga, koncomu dijak mangan disek..ketoke kok kaliren si Boy iki,” jare Mamane Angga dengan ramah.
“Cuk, asu, eruh ae Mamane Angga iki,” batine Boy.
“Wadadah…nambahi penggawean ae,” jare babune sing semlohe ambek nyepakno mangan.
“Ngrusuhi wong fesbukan ae,” jare babu liyane karo ngetokno blackberry-ne. Cuk… atase babu ae nggawe BB, hape-ne Kosim ae model lawas sing layare monochrome cumak abang thok, trus suarane yo monophonic, keypad-e opo maneh…gak onok sing ketok hurufe, wis nglenthek cet-e.
“Ayo, makan dulu, gak usah malu-malu. Tante tinggal ya.” Pamit Mamane Angga.
Arek-arek kaget ndelok panganan nang mejo. Sony karo Kosim sing model kos-kosan langsung nyarap koyok kere gak menangi mulud. “Cuk, panganan sakmene akehe, koen kok yo gak lemu-lemu se Ngga? Enak-enak pisan…koyok nang acara mantenan ae,”jare Sony ambek njupuk lidah asap.
“Ngga. Nek gak entek, takgowo mulih yo, gawe nang kos-kosan,” jare Kosim ambek njupuk lobster.
“Cuk, ojok ngisin-isini koen, Sim.” Boy ipok-ipok jaim, padahal de’e yo kaget ndelok panganan sing koyok nang hotel iku.
“Aduh-aduh…arek-arek iki cik akehe wong mbambung nang wetenge,” jare babu sing untune mrongos ambek ngetokno pai apel gawe dessert.
“Nggacor ae, juragane lo gak protes. Awakmu atase babu ae kakean cocot,” jare Boy.

Mari mangan arek-arek munggah nang kamare Angga.
Nang kamare Angga, opomaneh… AC, home theater, Tv kabel, wis ta…koyok hotel bintang lima temen. Onok Gym-e pisan… kelas temenan…
“Wah, sangar, Pak, onok kamar mandi dalame pisan… nek nggowo cewek isok langsung jret-jret,” jare Sony sing uteke mesum.
“Asu, iki pikirane lak konokan tok ae,” jare Boy ambek langsung ndeloki koleksi dvd-ne Angga.
“Bokepe onok gak Boy?” takok Sony.
“Sik talah…aku yo nggoleki iki lo…”jare Boy.
Kosim wis kungkum nang bathtub …wenak pak…timbang nang kosan, adus ae antri, ngising ae gentian.
“Sim, nek ate kungkum nang kolam renang ae,” jare Angga.
“Onok ta?” takok Kosim.
“Onok , nang mburi. Ayo nek kepingin…”
“Aku melok!” jare Boy.
“Son, koen nek nyetel BF suarane offno yo, ngkok krungu pembantuku nek kebanteren,” jare Angga.
“Oke bos…Miyabi…I’m coming…”jare Sony. Bedhes iku seneng atine koyok ketiban duren.

***

Mari kuliah, Boy, Angga, Sony, karo Kosim cangkruk nang parkiran. Males ate cangkruk nang kantin. Mblenek ndelok raine Mbak Pat.
“He…rene lo…lapo cangkruk nang kono…nang caféku kene lo!” Bengok Mbak Pat.
“Moh…bosen, ndelok sampean thok…gak onok hiburane blas,” jare Boy.
“Oalah, pingin hiburan to…jadi aku mokkongkon striptis,gitu? ah…jadi malu…” jare Mbak Pat ambek nutupi raine.
“Cuk…jancuk….rai koyok cithakan apem ngono kok yo sik kemayu…” Boy gregeten.
“Tapi body gue seksi kan…kayak maia ratu…” Mbak Pat pamer bangkekane ambek motone kethip-kethip.
“Iya…kayak mayat asu…” jare Sony.
Arek-arek gak ngurus Mbak Pat sing ngosek-ngosek nang cagake warunge koyok penari striptis.
“Enak yo Ngga, awakmu…opo-opo wis cemepak, sembarang wis tersedia. Mobil garek milih, mangan garek nyidhuk, duwik garek nggunting,” jare arek-arek.
“Yo… yo-opo maneh, onoke yo iku… mosok ate gak digawe” jare Angga.
Rumongso gak direken arek-arek, Mbak Pat semakin berani. awake digrujuk karo banyu sak ember cek timbul efek kaos basah. Arek-arek tambah gilo, gak terangsang blas.
“Ebesmu kerjone opo se, Ngga?” takok Sony.
“Yo pengusaha biasa. Eh,sik yo hapeku muni.” Angga nompo telpon nang hapene.
Mbak Pat sing gak direken arek-arek tambah kesetanan. Kaose dibukak garek kutangan thok ambek mendesah-desah koyok wong kepedesen.
“Eh, rek, aku disikan yo…ate nang rumah sakit, ebesku mlebu UGD. Iki adikku sik tas telepon,” pamit Angga.
“Yo wis, ayo ngalih pisan, timbang nang kene ndelok wong gendeng kutangan thok.”
Mbak Pat muangkel ndelok aksine gak dianggep arek-arek. Malah arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah ngelokno.
“Wong gendeng…wong gendeng…wong gendeng…”
Mbak Pat langsung muntap dilokno arek cilik-cilik. “He, kirik kabeh. Gak tau diajar wong tuone yo!!!” jarene ambek nyawati arek-arek mau karo piring plastik “Ojok mlayu koen, kene…taknyunyuk rokokku iki!”
“Wong gendeng ngamuk…wong gendeng ngamuk…” jare arek cilik-cilik karo mlayu sipat kuping.

***

0 comments:

Post a Comment

Followers

| Top ↑ |